• Berita Terkini

    Jumat, 07 Juli 2017

    Ramane Kemplu Kerja nang Mabes Polda

    NGERTI akeh bocah ngaku anakke Jendral angger pas ana tilangan, Kemplu dadi melu melu baen. Ceritane awan kuwe Kemplu agi numpak montor ndilalah pas ana cegatan tilangan.

    “Selamat siang, maaf nganggu. Bisa ditidokna SIM karo STNK ne?” polisi sing nyegat Kemplu takon surat suratte.

    “Aduh nyong kelalen ketinggalan nang ngumah pak,” Kemplu semaur

    Polisi njutan njukut surat tilang. Weruh kaya kuwe Kemplu dadi kemarasen. “Tulung lah pak nyong aja ditilang. Aku tek nelpon bapakke nyong nang Polda, sedela
    ya Pak!” Kemplu ngomong maring polisine.

    Krungu Kemplu ngomong kaya kuwe polisi dadi kaget. “Temenan apa bapakmu nang Polda?” polisine takon.

    “Ya temenan lah pak, nek ora percaya ngonoh bapakke nelpon dewek, kiye nomer telpone bapakku,” Kemplu semaur kambi aweh kertas sing ana nomer telpone.

    “Ya wis nganah lunga, tapi aja diulangi maning ya, surat-suratte aja ngasi ketinggalan maning,” polisine nasehati Kemplu.


    Mbarang Kemplu lunga, polisine malah penasaran karo nelpon nomer HP sing diwai Kemplu. Polisine njutan nelpon bahasane alus sopan tur ngati-ngati kepengin
    ngerti identitas sing duwe nomer telpon mau.

    “Halo... Selamat siang... mohon izin, apa bener bapak sing nduwe nomer kiye anu nang Polda?” polisine takon.

    “Iya bener, apa ana sing bisa tek bantu Pak?” sing ditelpon semaur.

    “Mohon izin, nek olih ngerti bapak nang bagian apa ya?” polisine takon.

    “Kiye anu nang bagian KANTIN. Bapak arep pesen rames pirang bungkus?” (*)

    Berita Terbaru :


    Scroll to Top