Badan besar atau hari raya Idul Adha wis wingi, Jon Kemplu gagean gitir meng pasar Tumenggungan nggolet klambi muslim alias klambi koko.
Senajan wong sugih, tapi Jon Kemplu dikenal mandan pelit. Apamaning nek urusan tuku sandangan.
"Nggo ngapa tuku klambi, lha siji be ora enteng-enteng," Kemplu njawabe ngono nek ditakoni wong deneng klambine ajeg bae.

Tapi dina kuwe, Kemplu gelem ora gelem tuku klambi, mergane deweke arep dadi panitia penyembelihan hewan kurban.
Tekan pasar, Kemplu gagean munggah meng lantai nduwur.
"Ana klambi koko sing apik tapi murah apa ora," Kemplu takon meng Mr Daplun, bakul klambi.
"Lengan panjang apa lengen pendek pak kaji," Daplun ganti takon.
"Pendek bae ya kena," Kemplu njawab.
"Kiye apik tur murah, regane kur 150 ewu," Daplun nawakna klambine.
"Klambi apa kuwe larang temen, liyane jal," Kemplu protes.
"Kiye satus ewu," Daplun tawa maning.
"Isih larang, 30 ewu bae ya," Kemplu ngenyang.
"Ya ra bisa, kulake be wis larang," Daplun aweh alesan.
"Pokoke 30 ewu," Kemplu ngenyel.
"Ohh golet sing 30 ewu, ana kiye. Cocok nggo rika pak, apamaning gambare juga pas nggo Idul Adha," Daplun aweh alternatif.
"Wah joss pancen rika, ndi klambine," Kemplu keton seneng.
"Sedela, .... kiye pak, cocok mbok, murah maning kur 30 ewu," Daplun aweh klambine meng Kemplu.
"A P A...... murah sih murah tapi rika aja nglalu lah, masa nyong kon anggo klambi muslim gambar SHAUN THE SHEEP, ngece rika ya#@!*&^$!," Kemplu lunga karo kesuh-kesuh. (*)

Berita Terbaru :
- Seniman Kebumen Ciptakan Lagu "Koperasi Merah Putih"
- MTs Salafiyah Alhasani Jatimulyo Alian Lepas 43 Siswa
- Kebumen Jadi Tuan Rumah Ngaji Pendidikan GSM
- Milad ke 40 RS PKU Muhammadiyah Sruweng, Hadirkan Pelayanan Berbintang
- Identitas Kependudukan Digital di Kebumen Capai 137.000 Pengguna
- Terima Sertifikat dari UNESCO, Bupati Lilis Bertolak ke Paris
- Empat Jabatan Perwira Diserahterimakan, Tiga Diantaranya Merupakan Kapolsek