KEMPLU bocah kelas 3 SD. Wingi, Bapake, Mr Plekentus ketekan tamu Mr Daplun. Dasar Kemplu bocah kendel, deweke melu nemoni malah ngobrol karo tamu kang Jakarta mau.
"Wah suwe ora ketemu. Rika siki kaya wong sugih.." ujare Plekentus.
"Sugih keprimen?" takone Mr Daplun
"Lah kue bathuke melong-melong," omonge Plekentus karo ngecungi bathuke tamune.
Mr Daplun kie kanca cilikane Kaki Plekentus jaman nang desa. Bedane, siki Mr Daplun urip nang Jakarta. Lha Kaki Plekentus nang kampung.
Biyen, jamane esih nang desa, Mr Daplun rambute ireng kandel tur dawa. Siki, wis mulai pada rontok. Malah bathuke wis tambah amba merga mulai botak. Gur kari ana rambut setitik nang bathuk.
Bareng tamune bali, Kemplu ujug-ujug nyekeli klambine ramane karo ngomong. "Pak, aku kepengin potong rambut," omonge.
Mr Plekentus gumun. "Lah kowe lagi sewulan cukur. Rambutmu esih madan rapi. Ngapa ndadak cukur maning?"
"Ora kaya kue Pak. Aku kepengin cukur sing kaya Bos Daplun mau. Dadi rambut nggon bathuk kie dikerok bersih. Nduwur kuping digaris loro..."
GLubrakGG... Kaki Plekentus kejengkang kepingkel-pingkel. (*)
Berita Terbaru :
- Pompa Pemprov Berhasil Surutkan Banjir di Sayung Demak
- Urai Macet Akibat Rob Sayung, Kementerian PU Pasang Batas Beton
- Ratusan Peserta Ikuti FLS3N Kebumen 2025
- Minimarket Dibobol, Ratusan Bungkus Rokok Digasak
- Tangani Anjing Liar di Jl Pramuka, Petugas Luka
- Gelar Seleksi, Persak Kebumen Targetkan Juara di Piala Soeratin 2025
- Resahkan Warga, Tambang Emas Buayan Minta Ditutup