Esuk-esuk Kemplu wis ribut dewek, kabeh wong ditakoni. "Mamake, kae nang mburi ana lemah sing dikeduki ngasikan jero terus akeh banyune sing diingoni iwak si jenenge apa ya?" Kemplu sing kelas loro SD takon maring mamake.
"Ngerti ora sih, mamake agi repot kiye agi adang sega nggo mangan ko padha, nganah takon karo bapake baen?" mamake Kemplu ngomong kambi sibuk mbeneri kompor.

Diomong kaya kuwe Kemplu banjur mlayu maring kamar, kambi nggugaih bapake sing esih sarungan.
"Bapake, kae nang mburi ana lemah sing dikeduki ngasikan jero terus akeh banyune sing diingoni iwak si jenenge apa ya?" Kemplu takon maring bapake.
Bapake sing tembe bali ngode wengi agi arip-aripe ora gelem diganggu.
"Nganah takon mbekayumu baen, bapake kesel, ngantuk banget tembe bali ngode arep turu sit..," bapake ngomong kambi narik sarung terus ngleder.
Diomong kaya kuwe Kemplu gagian mlayu nemoni mbekayune.
"Yu, kae nang mburi ana lemah sing dikeduki ngasikan jero terus akeh banyune sing diingoni iwak si jenenge apa ya?" Kemplu gole takon wis kaya arep nangis.
"Oh kae jenenge blumbang plun," Mbekayune sing jenenge Markonah semaur.
Krungu kaya kuwe Kemplu langsung baen nangis nggembor-nggembor.
"Bapake.....Mamake....adhine kejegur blumbang...!".(*)

Berita Terbaru :
- Pompa Pemprov Berhasil Surutkan Banjir di Sayung Demak
- Urai Macet Akibat Rob Sayung, Kementerian PU Pasang Batas Beton
- Ratusan Peserta Ikuti FLS3N Kebumen 2025
- Minimarket Dibobol, Ratusan Bungkus Rokok Digasak
- Tangani Anjing Liar di Jl Pramuka, Petugas Luka
- Gelar Seleksi, Persak Kebumen Targetkan Juara di Piala Soeratin 2025
- Resahkan Warga, Tambang Emas Buayan Minta Ditutup