KEMPLU kiye tembe baen duwe bojo loro. Merga bojone ora seumah dadi Kemplu njadwal gole kumpul karo bojone.
Pas arep mulai puasa Ramadan deweke ulih jadwal nang nggone bojo pertama. Karo udud klepas-klepus bar madang Kemplu kandahan karo Markonah bojo pertamane.“Kang, mengko angger puasa jadwale kepriwe? Limolas dina pertama apalimolas dina keloro rika nang ngumahku?” Markonah takon.
“Kayanne aben dina ngasikan rampung puasa inyong bakalan nang ngumahmu terus,” Kemplu semaur, bar kuwe disambi nyruput kopi.
“Alhamdulillah, rika pancen wong lanang sing ngertian...aja nang nggone bojo enom baen, dimadan suwe nang kene,” Markonah ngomong raine dadi katon
sumringah banget.
“Bener loh ya ben dina nang umahku terus, tapi njut kapan nang umaeh Cempluk (bojo enom)?” Markonah takon.
“Meng nganah tah aben wengi nek bar buka puasa...ngasikan imsak,” Kemplu semaur kaya ora duwe dosa.
“Apaaaa..dasar wong lanang semprul ya..!!,” Markonah ngorong ngorong kambi ngguyur kopine maring bojone.

Berita Terbaru :
- Pompa Pemprov Berhasil Surutkan Banjir di Sayung Demak
- Urai Macet Akibat Rob Sayung, Kementerian PU Pasang Batas Beton
- Ratusan Peserta Ikuti FLS3N Kebumen 2025
- Minimarket Dibobol, Ratusan Bungkus Rokok Digasak
- Tangani Anjing Liar di Jl Pramuka, Petugas Luka
- Gelar Seleksi, Persak Kebumen Targetkan Juara di Piala Soeratin 2025
- Resahkan Warga, Tambang Emas Buayan Minta Ditutup