• Berita Terkini

    Kamis, 29 Juni 2017

    Sungkem Calon Mertua

    Selawase puasa, Kemplu duwe kenalan sing jenenge Lady Markonah. Ya niate  Kemplu arep nggo seriusan gole pacaran. Mulane pas badab wingi, Kemplu diniati dolan meng umaeh Markonah niate pengin kenalan karo wong tuwane Markonah sisan silaturahmi.

    Ben surprise, Kemplu sengaja ora ngabari Markonah ndisit.

    Bar sembahyang Dzuhur, Kemplu kambi nyangking oleh oleh  mangkat numpak  montor kesayanganne. Pas tekan ngumaeh Markonah, Kemplu  langsung pedhe aweh salam mergane nang teras ana wong tuwa loro agi jagongan.

    “Wah, kaeh calon mertuaku malah wis nunggu nang ngarep umah,” batin Kemplu  .

    “Assalamu ‘alaikum, Pak, Bu, ngaturaken Sugeng Riyadi. Sedaya kalepatan kula nyuwun  pangapunten…” Kemplu langsung bae sungkem maring wong tuwa loro mau ben dialem cah  sopan.

    “Waalaikum salam… Nggih, Mas, sami-sami. Mugi-mugi dosa kula kalian panjenengan  saged lebur ing dinten Riyadi menika,” Bapak ibu sing disungkemi semaur.
    Mbarang ngenalna awake, Kemplu banjur takon Markonah nang endi deneng ora keton.

    “Oh, Iya Mas. Mau Markonah karo ibu bapake tembe mudik meng nggone mbaeh. Ngomonge sih rong ndina nang kana,” kata si bapak.

    Krungu kaya kuwe Kemplu dadi kaget.

    "Nek kaya kuwe, bapak karo ibu kiye apanne Markonah?” Kemplu takon.

    “Nyong karo bojoku kiye rewang nang kene mas, kon jaga umah selama bapak-ibune Markonah mudik,” bapak-bapak sing jenenge Dawir mau semaur.
    “Oalah… kadung wis tek sungkemi jebul pembantune!” batin Kemplu gela. (*)


    Berita Terbaru :


    Scroll to Top