• Berita Terkini

    Rabu, 14 Juni 2017

    Ngresmikna WC Umum

    DESANE Kemplu tembe baen ulih bantuan sekang pemerintah. Sekang rembug warga sidane bantuan nggo gawe WC umum. Mergane nang desane Kemplu angger buang hajat sok padha nang kebon utawa kali. Malahane kali nang desane Kemplu dadi WC umum terpanjang.

    Mbarang wis dadi, rencanane WC ne arep diresmikna nang pak Camat. Cuman sing dadi masalah durung ana MC alias pranoto coro. “Nggo ngresmikna acara ngesuk ko dadi MC ya Plu,” Pak Lurah Daplun kongkonan Kemplu.

    “Lah ora nyewa MC baen pak lurah,” Kemplu semaur.

    “Ora nana anggarane koh,” Kemplu semaur.

    “Tapi kan nyong ora teyeng ngemce,” Kemplu semaur maning. “Tapikan nang ndesane dewek kowe tok sing sekolaeh paling duwur, kowesekolaeh ngasikan SMP dewek koh,” pak lurah Dawir ngomongi Kemplu .

    Demi desane akhire Kemplu gelem dadi MC. Dina kuwe acara peresmian wis arep dimulai.

    Kemplu wis mulai ngomong. “Para hadirin kabeh, dina kiye WC umum nang desane dewek arep diresmikna nang pak camat. Mohon disaksikna nang warga kagem Bapak Camat diaturaken nyobi WCne sing pertama kaline, waktu dan tempat dipersilahkan.

    ”Dikongkon njajal WC nang MCne, Pak Camat kur bisa cengar cengir tok. Sementara warga desane pada ngguyu lakak-lakak. (*)

    Berita Terbaru :


    Scroll to Top