• Berita Terkini

    Rabu, 31 Mei 2017

    Kemplu Sahur Bareng Pacare, Malah-malah....

    WIS ana telung wulanan Kemplu pacaran karo bocah kuliahan. Jenenge wong ketemben gole pacaran awan wengi kaya ora ngerti wektu. Kaya dina kuwe Kemplu dolan
    nang nggone si Markonah pas jam sahur

    Pas Markonah agi ngangeti jangan nang dapur agepan nggo saur bareng Kemplu, hpne Markonah nang kamar moni. Ndilalah nomere sing nelpon durung ana jenenge anu
    nganggo nomer anyar nek ora anu urung kecatet jenenge nang nggone HP ne Markonah.

    “ tulalit... tulallit ...tulalit...” ngasikan bolak balik hp kuwe moni.

    Markonah ora teka-teka, Kemplu sing weruh HP moni dadi diangkat nang deweke. Kemplu urung sempat ngomong tembe mencet tanda telpon bisa mlebu, wong
    sing nelponmalah langsung nyerocos baen.

    “Hallo sayang selamat sahur ya, mangane sing akeh ben puasanne kuat aja kelalen subuhan ,” wong sing nelpon ngomong.

    Krungu ana wong lanang nelpon nomere ora jelas tur nganggo sayang sayang, Kemplu dadi cemburu deweke kesuh njut semaur nang telpon kaya kiye.
    “Kono ora usah sok perhatian kaya kuwe lah, nyong kiye pacarre Markonah, ngerti ora ko.., inyong kiye pacare Markonah, mudeng ora ...!!!!”Kemplu gole semaur atos.

    Urung rampung Kemplu gole semaur, sing nelpon jebul malahl ewih galak gole semaur. “Nyong Bapakke, kowe agi ngapa sahur-sahur nang kos-kosanne anakku
    Haahhh...!!!”(

    Berita Terbaru :


    Scroll to Top