• Berita Terkini

    Rabu, 21 September 2016

    Ulang Tahune Markonah

    ESUK kie, Markonah tangi turu aras-arasen. Deweke lagi "galau". Soale, dina kie deweke ulang tahun. Ning ketone keluargane ora ana sing kelingan. Anak-anake pada ora keton persiapan ngrayakna ulang tahune biyunge. Lah bojone Markonah nang luar kota. Dadine Markonah sedih.


    Bareng natani selimut, Markonah metu seka kamar. Bareng liwat ruang makan deweke kaget. Sebab, nang meja makan ana nasi goreng lengkap menu istimewa. Wis kaya kue ana roti barang. Ditambah buah-buahan akeh. "Ohh, jebule anak-anakku ora klalen nek aku dina kie ulang tahun. Malah arep gawe kejutan go aku.." batine Markonah.

    Sing maune sedih, siki Markonah gembira ora ilok. Mangkane bareng tekan dapur, deweke terus ngrangkuli anake loro si Daplun karo Kemplu. "Wah, matur nuwun ya. Kowe pada wis gawe kejutan go ibumu mawi masak-masak.." omonge.

    Krungu kaya kue, Daplun karo Kemplu pandeng-pandengan. Terus Kemplu ngomong. "Bu, masakan sing nang meja makan kae anu go nyong karo Daplun. Udu go sampeyan. Dadi nyong karo Daplun wis janjian, pas ibune ulang tahun, aku gawe sarapan dewek..."
    GLUBRAGGG.."Markonah nggejejer." (*)

    Berita Terbaru :


    Scroll to Top