KAKI Kemplu wis tuwa.Umure wis 75 tahun. Siki lagi sakit parah dirawat nang rumah sakit. Malah-malah jere dokter, harapane uwis tipis. Nyai Markonah, bojone sing nunggoni karo anak-anake.
Ndilalah, dina wingi pada kumpul sekeluarga. Bareng ngerti kondisine Kaki Kemplu, keluarga pada sepakat nyenengna atine Kaki Kemplu. Akhire Nini Markonah takon maring Kaki Kemplu.
"Pak, rika siki lagi kepengin apa? Kie pumpung bocah-bocah pada kumpul. Nembe pada rembugan, bapake jaluk apa bae arep dituruti," omonge Nini Markonah.
"Temen apa, Ni? Biasane aku jaluk apa-apa ora dituruti. Wingi jaluk nasi pecel be ora ditukona," omonge Kaki Kemplu karo ngereng-ereng kaya wis ora kuat.
"Ora, siki sampeyan jaluk apa bae arep dituruti,,," omonge Nini Markonah.
"Ya wis. Temen ya. Aku jaluk tulung. Lamarna kae si Maryuni randa pojok ndesa. Aku wis suwe jatuh cinta ingin membangun rumah tangga sakidah mawadah warahmah karo si Yuni cayangg..."
GLUBRAGGG.. Nini Markonah karo anak-anake pada kejengkang. (*)

Berita Terbaru :
- Hendak Tawuran, Belasan Remaja Kebumen Diamankan, Sajam Disita
- Polres Kebumen Tangkap Warga Banyumas Terkait Narkoba
- Tabur Bunga di Laut Warnai Peringatan HUT Bhayangkara Polres Kebumen
- Bumdesma Bodronolo Gelar Musyawarah Pertanggungjawaban Tahun 2024
- Klien Dibebaskan Usul Kapolri Mutasi Penyidik Ke Daerah 3T
- Ikuti Gerakan Nasional Klien Bapas Peduli, Bapas Semarang Siap Sambut KUHP Baru
- Lomba Perpustakan Desa/Kelurahan Kebumen Digelar, Inilah Pemenangnya