Senajan tembe kenal, Kemplu langsung kesengsem karo cah wadon ayu sing nduwe awak semok, jenenge Markonah. Senajan tembe kenal Kemplu pengin ngajak Markonah umah-umah.
Sayange Markonah kiye bocaeh matre banget kepengine nduwe bojo sing sugih.
"Kowe gelem dadi bojoku, nek gelem ngesuk dewek kawin," Kemplu nakoni Markonah.

Ditakoni kaya kuwe Markonah sing matre langsung bae takon maring Kemplu.
"Kowe nduwe umah ora?" Markonah takon.
Ditakoni kaya kuwe Kemplu mbanjur semaur.
"Ora!!"
"Lah mobil BMW nduwe ora," Markonah takon maning.
"Ora," Kemplu semaur.
"Lah gajimu pira," Markonah takon maning.
"Nyong ora tau gajian, Tapi...," pas Kemplu agi ngomong, omongane ditabrak nang Markonah.
"Ora nganggo tapi, tapian, ora duwe umah, ora duwe BMW, ora tau gajian, wis lunga bae MINGGAT sekang KENE!!!" Markonah ngomong kambi ngurak Kemplu.
Diurak kaya kuwe Kemplu banjur lunga kambi garuk-garuk rambut terus ngromed dewek.
"Lah nyong pancen ora duwe umah, nduwene hotel telu, inyong ya ora nduwe BMW tapi nyong mbok nduwe telu mobil ferrari, loro mobil Porsche. Masa inyong kon tuku umah karo BMW nggo ngapa ya, nyong ya ra tau gajian lah inyong dewek sing nggaji wong-wong lah inyong mbok bosse, dasar cah wadon aneh," Kemplu ngomong kambi mlaku lunga.
Krungu kaya kuwe Markonah langsung bae kejet-kejet. (*)

Berita Terbaru :
- Banteng Kebumen FC Optimis Hadapi Soekarno Cup 2025
- Polres Kebumen Sembelih 7 Ekor Sapi dan 2 Ekor Kambing
- Satu Sapi Kurban dari Presiden Prabowo Disalurkan untuk Ponpes Al Falah
- Rayakan Usia 55 Tahun, Mitsubishi Fuso Berikan Penghargaan Kepada Konsumen
- QRIS Satukan Transaksi Digital, UMKM Kebumen Semakin Mudah Jualan
- TMMD Bangun Jalan Rabat Beton di Desa Tugu
- Luncurkan Jersey Baru, Kebumen Angels Optimis Tatap Musim 2025