SAWIJINING dina, Kaki Daplun ana keperluan nang luar kota dadine deweke kepeksane ninggalna usaha penyewaan kewan-kewan pejantan nggo dikawina karo kewan bibit wadon.
Sedurunge lunga deweke pesen maring rewange sing jenenge Kemplu. “Plu nyong arep lunga ana telung dina meng luar kota dadi angger ana sing arep nyewa Kebo sedinane rega sewane satus seket ewu angger ayam jago disewa rega sewane selawe ewu sedina. Nek ana sing nyewa wedhus lanang sedinane sewane pitung puluh lima ewu," Daplun njelasna meng Kemplu.

“Paham ora, mbok kelalen dicatet baen,” Kaki Daplun aweh prentah.
Omongane kaki Daplun mau banjur dicatet nang Kemplu. Mbarang wis aweh rega-regane, Kaki Daplun langsung lunga. Ndilalah ngesuke ana tamu teka meng umaeh kaki
Daplun.
“Pak Daplun ana..?” tamu sing jenenge Plekethuz kiye takon.
“Wah, bapakke agi lunga meng luar kota,” Kemplu semaur.
“Baline kapan yah, nyong ana perlu koh,” pak Plekethuz ngomong.
“Jerene rong dina maning bali, mbok ana sing bisa tek bantu Pak, nyong wis dipasrahi nang Pak Daplun,” Kemplu semaur.
“Kaya kiye jan-janne, nyong kepengin ngomong dewek marang juraganmu. Anak lanange pak Daplun kan wis suwe ana hubungan karo anakku wadon mulane kuwe … ” Plekethuz agi ngomong durung rampung wis disela nang Kemplu.
“Nek kaya kuwe lewih apikke pancen sampeyan nunggu juraganne nyong bali baen. Mergane babagan rega sewa anak lanange sedinane pira inyong durung diwai
ngerti,” Kemplu nyela kaya ora duwe dosa. (*)

Berita Terbaru :
- TMMD Bangun Jalan Rabat Beton di Desa Tugu
- Luncurkan Jersey Baru, Kebumen Angels Optimis Tatap Musim 2025
- Pemkab Kebumen Raih WTP dari BPK-RI Delapan Kali Berturut-Turut
- Presiden Kurban di Kebumen, Sapi 950 Kg Milik Warga Klirong
- Infrastruktur Jadi Fokus Pembangunan Kebumen di Tahun 2025
- Pemkab Kebumen Bakal Buka Kembali Pendaftaran Kios Kapal Mendoan
- Projek Tol Semarang-Demak Seksi 1 Senilai Rp 10,9 Triliun Selesai 2027, Mampu Kendalikan Rob dan Banjir