• Berita Terkini

    Sabtu, 14 November 2015

    Kemplu Bolos Sekolah

    LAGI bae jam 09.00, John Kemplu sing esih kelas 3 SD wis bali sekang sekolah.

    Mbah Daplun, ya mbahe John Kemplu langsung paham nek putune kue mbolos. "Owalah, Plu-plu. Bocah koh mbolosan temen," grenenge Mbah Daplun karo ngelus-elus bathuk.

    "Lah Mbahe ngerti bae," jawabe Kemplu ora krasa salah babar blas.

    Bar ucul-ucul seragam , Kemplu langsung maring ngarepan umah arep dolanan. Ujug-ujug, Mbahe sing lagi nang karangan melung-melung. "Plu, kowe cepet umpetan. Kae Pak gurumu lagi pada kondur, arep liwat ngarep umahe dewek," ujare Mbah Daplun.

    Apa jawabe Kemplu? "Mbahe donge sing umpetan. Lha aku mau olih pamitan arep bali gasik alesane anu Mbahku meninggal dunia," saure Kemplu.
    GLUBRAK......................."Mbah Daplun nggejejer. (*)

    Berita Terbaru :


    Scroll to Top