• Berita Terkini

    Sabtu, 18 Juli 2015

    Susah Garep Badan

    GODHANE dadi wartawan nang wulan puasa ngarepna badan pancen abot. Kaya nasibe si Kemplu. Badan kurang 14 dina, Kemplu urung duwe duit. Mangkane anake papat karo bojone nang umah wis melung-melung jaluk klambi anyar.

    Akhire, Kemplu liputan nang toko klambi. JEPRAT JEPRET...Rampung liputan, Kemplu pamitan karo sing duwe toko, Mr Daplun. Bareng arep metu toko, Daplun nyedheki Kemplu karo aweh amplop.

    Kira-kira isine duit. Tapi nang Kemplu amplope ditolak. Alasane melanggar kode etik. "Ora usah Pak. Aku wis dibayar nang kantor. Senajan aku butuh banget duit, aku ora bisa nampa," jelase Kemplu.


    "Kaya kie bae, njenengan ora tek wei duit tepi tek wei klambi. Lumayan nggo anake. Kie sebagai bentuk rasa terima kasihku," ujare Daplun mbujuki maning.

    Kemplu esih tetep nolak. Alesane, wartawan ora ulih tampa duit utawa wujud barang sekang narasumber. Ngerti kaya kue Daplun ora kurang akal. "Wis kaya kie bae, ben pada kepenake. Siki jenengan tuku klambi bae. Kie klambi sing dhonge Rp 100 ewu tek dol maring rika  Rp 25 ewu. Tulih rika ora dipecat bose, " jelase Daplun.

    Krungu kaya kue, Kemplu mesem-mesem. "Nak nek kaya kue aku setuju,Pak. Siki aku tuku 8 Pak go anakku sing jumlahe papat," ucape Kemplu karo ngetokna duit atusan ewu 2 lembar. GLUBRAKKKKKK..... "Aduh rugi enyong kiehhh," pikire Daplun karo sempoyongan. (mam)

    Berita Terbaru :


    Scroll to Top