• Berita Terkini

    Sabtu, 15 Juli 2017

    Onta Ngambek nang Tengah Dalan

    SAWIJINING dina ana onta gede ucul sekang bonbin alias kebon binatang. Sing dadi masalah onta mau nglemprak nang tengah ndalan raya maraih dadi dalanne macet, babar
    blas ora bisa nggo liwat.

    Kemplu sing nang bonbin dipasrahi ngurusi onta katon kangelan ngrayu onta mau ben gelem maring pinggir.

    “Jan kiye onta tumben-tumbene ngambek kaya kiye ora gelem mlaku babar blas,” Kemplu ngomong maring polisi lalu linta sing melu ngrewangi.

    “Jajal pak, apa digawakna empane ben gelem pindah, ora nang tengah ndalan kaya kiye lah,” pak polisine ngomongi Kemplu.

    Kemplu njutan njiot empanne onta, tapi tetep baen ora gelem pindah ontanne tetep ndeprok nang tengah ndalan.Ndilalah pas agi padha kebingungan ana wong wadon
    ayu sekang arab sing uga melu kejebak macet. Ngerti ana onta ngambek nang tengah ndalan wong wadon sing jebul duwe jeneng Markonah kiye mudun sekang mobille njutan marani ontane.

    Onta lanang sing agi nglemprak njutan dielus-elus siraeh bar kuwe mudun maring awakke njutan diterusna maring tekan sing nggo pi-pis. Lha bareng nggon kuwe
    dimek, onta mau langsung baen ngadeg mlayu banter pisan maring bonbin.

    Weruh kaya kuwe wong wong padha tepuk tangan termasuk polisi-polisi nang kono.

    Kemplu sing weruh ontane mlayu banter pisan deweke malah marani wong wadon mau.

    “Mba... maturnuwun pisan ya wis ngrewangi nyong, cu....cu.... man mba...,” Kemplu gole ngomong kaya mandan ragu-ragu.

    Tapi pas Kemplu durung rampung gole ngomong wis disauri nang Markonah.

    “Wis ora papa pak.., wis nganah gari dioyok ontane, mbok malah mengko ilang,” Markonah ngomongi.

    “Lah kuwe mba sing dadi masalah, mbarang dimek nang Mba-e ontane mlayune dadi banter pisan, nyong ya jelas ora bisa ngoyak,” Kemplu ngomong.

    “Lah njutan bapakke arep kepriwe?” Markonah takon.

    “Bisa ora mba-e ngrewangi nyong maning. Siki jajal nggonku dielus-elus ben inyong ya bisa mlayu banter,” Kemplu ngomong kambi cengar-cengir kaya ora duwe
    dosa. (*)

    Berita Terbaru :


    Scroll to Top