• Berita Terkini

    Senin, 03 Juli 2017

    Ketemu Kanca Reunian

    Badan wingi, Kemplu melu reunian karo kanca-kanca SMPne. Wis 20 tahun ora ketemu, Kemplu seneng banget bisa ketemu kanca-kanca lawase. Tapi Kemplu kaget mandeng kanca-kancane wis pada berubah total.

    "Kowe Wir, mbiyen umbelen siki wis dadi wong ya, sukses kerjane ya, mobile be apik temen," Kemplu ngomong karo Dawir, salah siji kanca cedeke nang geng Kabel, kelompok anak belakang, geng-e Kemplu pas sekolah mbiyen.

    "Alhamdulillah kang Kemplu, berkat pendongane rika," Dawir merendah.

    "Joss yakin, bojone pira, wis nambah durung," Kemplu nyindir Dawir.

    "Ora lah, bojo cukup siji bae, emange kowe sing tukang gonta-ganti wadonan," Dawir nyindir kelakuane Kemplu sing terkenal playboy cap kampret kit jaman sekolah.
    Let ra suwe, Kemplu kaget weruh cah wadon ayu tur semloho banget. Pokoke jos gandoss lah. Kemplu tambah ge-er mergane cah wadon kuwe mandengna Kemplu bae.
    "Mba ana apa sih ndelengna inyong baen, naksir ya?" Kemplu   takon karo cengengesan.

    "Kowe mbok Kemplu ya.. nyong kanca SMPmu, masa kelalen, mbiyen nyong  naksir banget loh karo kowe.., ngasi siki be nyong esih naksir loh..," cah wadone semaur.
    Krungu kaya kuwe Kemplu kumat watekke sing playboy cap kacang godog.

    "Masa sih jajal buktine apa nek kowe naksir nyong?" Kemplu takon.

    "Karepe diapakna?"

    "Jajal ngeneh inyong diambung," Kemplu nekat ngomong kaya kuwe.

    Dasar agi rejekine Kemplu, cah wadon semlohe mau ujug-ujug ngambung Kemplu malahan gole ngambung gotot pisan.

    "Wis..wis isih lah, tapi nyong penasaran, jane kowe sapa sih, nyong klelan nduwe kanca sing kaya kowe," Kemplu dadi tambah penasaran.

    "Kowe Sawiyah, Dakem apa ... oh kowe Markonah sing bunga kelas mbiyen ya, ehmm..ehmm nyong be naksir kohhh," Kemplu keton bungah banget.
    Kemplu   nebak.  

    "yeeee....salah...., nyong Daplun tapi siki dadi Dona, pengin tek ambung maning ra," Daplun sing wis ganti kelamin dadi wadon ngledek Kemplu mesam-mesem aleman.
    Krungu kaya kuwe Kemplu sekal njundal muntah muntah. Sementara batir liyane pada ngguyu kemingkelen.

    "Oalah dasar playboy, mugane mandeng-mandeng ya," sorak kanca-kancane. (*)


    Berita Terbaru :


    Scroll to Top