• Berita Terkini

    Rabu, 12 Juli 2017

    Kaki Kemplu Ndaftar Tentara

    Kaki Kemplu sing wis tuwa gaweane kur klontang klantung dolan karo momong putu.

    Suwe-suwe deweke bosen kepengin nggolet gawean. Sawijining dina dewek maca koran ana  lowongan dadi tentara.

    "Lah kiye kayane kiye gawean sing pas nggo inyong," kaki Kemplu   mbatin

    Ngesuke kaki Kemplu  marani nggon pendaftaran tentara. Mbarang gutul ngana kaki  

    Kemplu  ketemu karo panitiane sing pangkate kapten. Jenenge Kapten Daplun.  "Ana apa ya mbah?" Kapten Daplun takon maring kaki Kemplu.

    "Apa bener nang kene ana pendaftaraan tentara, kiye inyong anu maca nang koran jere   ana pandaftaran dadi tentara," kaki Kemplu semaur kambi nidokna iklan sing nang  koran.

    "Iya benar mbah, putune agepan ndaftar apa mbah?" Kapten Daplun takon.

    "Lah putuku esih cilik, sing arepan ndaftar nyong koh," kaki Kemplu semaur.

    "Lah emange mbaeh umure pira deneng arepan ndaftar tentara," Kapten Daplun takon.

    "Nembe seket sanga," Kaki Kemplu   semaur.

    "Mbah kiye anu pendaftaran prajurit, nek umur semono ya wis ketuwan, ora bisa  diterima," kapten Daplun njelasna.

    "Nek dadi prajurit umure inyong pancen wis ketuwan sepetil ya, tapi apa nang kene ora mbutuhna jendral..?" Kaki Kemplu   gole takon kaya ora duwe dosa. (*)

    Berita Terbaru :


    Scroll to Top