• Berita Terkini

    Senin, 12 Juni 2017

    Wedi Karo Hansip

    WENGI-wengi bar rampung taraweh, nang kampunge Jon Kemplu padha geger. Soale ana maling sing arep mlebu umaeh Kemplu konangan nang wong ronda.

    Ndilalah wektu semono pas ana polisi karo hansip sing agi liwat dadi melu ngoyok maling sing mlayu banter banget. Weruh malinge mlayu, polisine mbanjur nguber.
    “Maling...!!!! nyong polisi kowe kudu menyerah,” Polisine mbeker-mbeker ben malinge wedi.

    Tapi senajan polisine wis ngoyok karo ngomong kaya kuwe malinge tetap bae mlayu. Weruh malinge mlayu bae, polisine melung-melung maning, siki kambi nganmandeg,
    terpaksa tek tembak,” polisine ngancem.

    Tapi senajan wis diancem kaya kuwe malinge tetep bae mlayu kaya ora wedi. Siki giliran Pak hansip Daplun sing maju. “Heeehh, mandeg ora kowe,” Daplun
    ngomonge ora banter.

    Krungu omongan kaya kuwe, ajaib malinge langsung mandeg.Weruh kaya kuwe pak polisine dadi bingung.

    “Sekti temen ya kiye pak hansip Kemplu , inyong ngancem karo pistol be ora wedi, nang pak hansip diomongi kaya kuwe tok malinge langsung mandeg,” batin polisine.

    Penasaran polisine takon maring malinge. “Kowe karo pistol deneng ora wedi, tapi karo pak hansip deneng wedi,” polisine takon maring malinge.

    “Ya wedilah. Nek polisi nembak dengkul ya kena dengkul. Pak Hansip beda maning, nembak dengkul kenane sirah. Lagian kuwe mbok bapane inyong,” malinge semaur karo nunjuk pak hansip. (*)

    Berita Terbaru :


    Scroll to Top