• Berita Terkini

    Jumat, 23 Juni 2017

    Ngobrol Nang Toilet Mudik

    Kemplu sing lagi nang perjalanan mudik mampir nang rest area sing ana nang jalan tol. Sebabe, ujug-ujug wetenge mules kepengin buang. "Ndilalah wcne ora kebek, jan kiye weteng ra bisa kompromi lah," Kemplu langsung bae ngacir mlebu nang wc.

    Durung ana semenit mlebu WC dewek krungu sura wong ngomong. “Priwe dik? apik-apik baen mbok?” bapak-bapak sing jenenge Mr Daplun ngomong.

    Kemplu sing krungu ana wong ngomong sekang WC sebelah dadi nyemauri. “Ya, apik-apik baen.”

    Eh bar kaya kuwe ndilalah Pak Daplun ngomong maning. "Priwe siki wis kerasa lega durung?”

    "Kiye wong kepriwe sih tembe baen grok wis ditakoni lega apa durung?" batin Kemplu.

    Ngerasa tembe grok, Kemplu   gole semaur sekecandake. “Lumayan sih Pak, tapi esih kerasa mandan mules, untung baen ora ngantri,”

    Bar kaya kuwe Pak Daplun ngomong maning. "Biasa kuwe dik mesti paling dela maning mendingan,"

    "Iya sih pak..tapi pancen wetengku dina kiye sing mandan ana masalah," Kemplu ngomong mandan dawa ben katon akrab.

    "Owh..apa perlu tek rewangi ben nyong meng ngonoh baen," Pak Daplun ngomong.

    Krungu kaya kuwe Kemplu dadi kaget.

    "Siall.. kiye wong gemblung apa ya. Masa wong agi buang be ndadakan direwangi,"  batin Kemplu karo mandan curiga.

    "Ora perlu pak.. bisa tek tangani dewek," Kemplu semaur karo mandan grogi.

    “Ya pada..tapi inyong ana masalah sitik kiyeh," Daplun semaur.

    Krungu kaya kuwe Kemplu dadi curiga banjur gantian deweke takon. “Masalah apa, pak?”

    Krungu kaya kuwe giliran Pak Daplun semaur.

    “Kiye lho dik…ana wong gemblung nang WC sebelah sing melu-melu semaur nek nyong agi ngobrol karo kono. Kepriwe nek mengko tek telpon maning baen? Nyong arep ngampengi kiye wong ndhisit.."

    Krungu kaya kuwe Kemplu dadi pucet wetenge tambah mules. (*)


    Berita Terbaru :


    Scroll to Top