• Berita Terkini

    Kamis, 08 Juni 2017

    Bedane Wong Puasa Karo Ora

    SORE sore kambi ngenteni buka puasa, Jon Kemplu karo sohib kentele sing jenenge Mr Daplun agi padha dopokan kambi bedekan.

    “Plun, kowe ngerti ora carane mbedakna wong sing agi puasa karo sing ora?” Kemplu takon karo Daplun.

    “Lah ya gampang sekang ababbe, angger wong puasa kuwe ababbe mambu, tapi kuwe ambune surga loh,” Daplun semaur karo nerangna persis sing diomongna kiaine.
    “Keliru, angger wonge ora ngomong ya ora keton nek mambu apa ora ababbe,” Kemplu ngomong.

    “Kepriwe jajal?” Kemplu takon maning.

    “Mlakune, angger keton lemes ya berarti agi kencoten anu puasa sih,” Daplun mbedek maning.

    “Ya ora bisa, masa sekang mlakune,” Kemplu ngomong.

    “Ya sekang wetenge, angger wetenge gede berarti ora puasa, tapi ngger kempes berarti puasa,” Daplun semaur.Maning, salah besar kuwe..,” Kemplu sing awake
    mandan gede kerasa kes-indir omongane Daplun.

    “Nek kabeh-kabeh salah banjur apa wis, nyong nyerah,” Daplun ngaku kalah.

    “Ya mbedaknane sekang sepatu,” Kemplu aweh jawabanne.

    “Lah deneng sepatu, bisane,” Daplun bingung.

    “Soale angger wong ora puasa nek mangan nang warung pinggir ndalan sing nganggo tutup bekas spanduk sing keton kuwe sepatune tok, nduwure ketutup, kaya kowe mau keton sepatune agi mangan nang warung he..he..he..,” Kemplu semaur kambi nunjuk sepatune Daplun.

    “Asem konangan miki awan nek nyong medhot," batine Daplun.(*)

    Berita Terbaru :


    Scroll to Top