• Berita Terkini

    Sabtu, 16 Juni 2018

    Ngibadaeh Dobel

    Jon Kemplu, bocah kelas loro SMP lagi didomehi nang gurune, Mr Daplun. Gara-garane Kemplu kerep turu nang njero kelas. Apa maning pas wulan puasa wingi.

    "Plu, kowe jane karep sekolah ora sih," pak guru Daplun takon meng Kemplu.

    "Kulo nggih karep pak," Kemplu njawab.

    "Tek gatek-gatekna kowe kerep banget turu nang njero kelas, lewih-lewih siki pas wulan puasa kiye. Puasa aja nggo alesan males beraktifitas, apa maning sekolah. Golet ilmu kuwe kan ibadah," Pak guru Daplun gole ceramah semangat banget.

    "Lha tidur di bulan puasa jere termasuk ibadah juga kan pak guru," Kemplu balik takon.

    "Ya iya sih," Daplun njawab.

    "Lha niku pak guru pun ngertos. Sekolah kan ibadah pak, turu nang wulan puasa jere juga termasuk ibadah. Nek kulo turu teng sekolahan berarti ngibadahe dobel kan pak," Kemplu njawab karo nyengir.

    @!%$#@!^&*!!!!!! Pak Guru Daplun langsung mingkem ra bisa ngomong apa-apa.

    "Dasar murid Kemplu ya kaya kuwe," batin pak Daplun. (*)

    Berita Terbaru :


    Scroll to Top