• Berita Terkini

    Minggu, 07 Januari 2018

    Kemplu Nggolet Iklan Hari Jadi

    PANCEN sing jenengane wong kerja ya kudu manut karo juragane. Kaya ngapa sebel, kesele ya kude dilakone jenenge be wong agi makaryo.


    Kaya kue sing dirasakna Kemplu siki. Akhir tahun, Kotane Kemplu ana nganakna Peringatan Hari Jadi. Lha, tugase Kemplu, kon nggolet dinas, perusahaan, sing gelem ngucapna Ucapan Hari Jadi ben dipasang nang koran. Dinas utawa perusahaan mau kon mbayar.

    "Jan kaya kie, wis melaku sedina enggane sing ditawani ora pada gelam," batine Kemplu sing bagian nggolet iklan.


    Garep bali urung ulih gawean, garep diterusna ketone ora pada gelem masang. Jan pokoke agi ora kebeneran blas. Agi ngaso nang ngisor wit asem karo ndengar-dengar, HPne Kemplu moni. Jebul tilpun kang Markonah. Markonah kie manajer Pemasarane Kemplu. "Halo, Kepriwe gole nyambut gawe Plu..." omonge Markonah ora mawi basa basi.

    Kemplu jelasakan nek golet perusahaan sing gelam pasang Iklan Ucapan kue angel. Soale siki akhir tahun dadi ora ana anggaran. "Aku wis mlaku sedina kie, ora ulih apa-apa. Pada nolak kabeh Bu Markonah," omonge Kemplu.

    Markonah sing terkenal mandan kejem karo bawahane ora gelem ngerti. Pokoke kewajibane wong kerja ya kudune berhasil. Ora penting carane kaya ngapa sing penting hasile.

    "Aku ora butuh jawaban gagal. Aku ya ora perlu krungu carane kaya ngapa. Sing penting dina siki kowe kudu setor iklan ucapan SELAMAT HARI JADI. Seakeh-akehe," jawabe Markonah karo mbanting telpon.

    Modar kie, batine Kemplu.

    Wis gole kerja agi angel juragane kesuh-kesuh pisan. "Oke pokoke mengko sore aku kudu setor meng kantor lima," batine Kemplu.

    Bener bae, Kemplu turus ngebut menggone Daplun, sing jabat Kepala Desa Senengsugih. "Aku mengeneh garep nawakna Iklan Ucapan Hari Jadi Pak Kades," omonge Kemplu ora anggo basa-basi.

    Krungu kaya kue, Daplun langsung jawab. "Aku ora garep pasang. Nggo ngapa. Lagi langka duit. Kaya ngapa-ngapa aku moh pasang. Titik!!!!!," jawabe Daplun.

    Krungu kaya kue Kemplu trus senyum-senyum karo ngguyu lakak-ngakak.


    Deweke terus ngomong. "Ora papa Pak Kades. Nek njenengan ora gelem ngucapaken selamat hari jadi kabupaten ora papa. Tetep tek pasang metu nang koran. "

    "Tapi mengko tulisane "Kades Senengsugih TIDAK MENGUCAPKAN SELAMAT HARI JADI KABUPATEN. Modar ora kowe Des.....," jawabe Kemplu.

    GLUBRAGGG.. Daplun kejengkang. Terus deweke omong. "Ya wis aku melu pasang iklan Hari Jadi, Plu. Sehalaman penuh. Warna ya?".(*/mam)

    Berita Terbaru :


    Scroll to Top