• Berita Terkini

    Minggu, 01 Oktober 2017

    Kemplu Jaluk Cuti Nikah

    Kemplu karo Daplun sing wis suwe ngode ngadep maring Bosse bareng-bareng. Wong loro mau arep padha ngajukna cuti.

    "Pak boss, nyong njaluk ijin, nyong arep cuti rong minggu mergane arep  balik meng ndesa," Daplun ngomong maring bosse.

    "Cuti rong minggu suwe temen, arep ngapa sih?" bosse takon.

    "Nyong arep nikah pak boss," Daplun semaur.

    "Oh ya..ya... ya dislamet-slamet nang ndalan moga-moga kawinanmu lancar," pak bosse  ndongakna meng Daplun.

    "Lah kowe melu baen ngadep nyong ana apa?" pak bosse takon maring Kemplu sing melu njanggleng nang sebelah Daplun.

    "Nyong padha baen pak boss, arep njaluk cuti rong wulan, mergane   ya arep nikahan," Kemplu semaur.

    "Lah padha-padha arep bali meng desa banjur padha-padha arep nikah deneng kowe gole ngajukna cuti suwe temen beda sewulan setengah dewek, emange kiye pabrikke ninimu  apa?" pak bosse mandan bingung karo karepe Kemplu.

    "ya jelas beda pak boss, kenangapa inyong cutine lewih suwe sewulan setengah mergane wektu sewulan setengah kuwe nang nyong arep nggo nggolet calon bojo sit. Kuwe be nek bisa nemu, ya ora perpanjang cutine ya pak bos," Kemplu semaur kaya ora duwe salah.

    %^$#@!(*& ciaatttttttttt dheziggggh, bose Kemplu ngetokna ajian kunyuk melempar buah. (*)

    Berita Terbaru :


    Scroll to Top