• Berita Terkini

    Selasa, 04 Juli 2017

    Kemplu Tampa Rapot

    Mangsan ulangan Kemplu katon nyante dewek malah dolan baen. Weruh kaya kuwe bapakke  dadi ngundang Kemplu.

    "Plu kowe sih kepriwe genah-genah ngesuk ulangan kowe malah dolan baen,?" bapakke  ngomongi Kemplu
    .
    "Lah anu soale gampang-gampang be, kecilll," Kemplu semaur yakin.

    "Wis kaya kiye baen, angger ngesuk nang rapotmu ana angka sangane ana telu baen ora  usah akeh-akeh kowe tek tukokna HaPe," bapakke njanjeni maring Kemplu  .

    Ngesuk ngesuke bar tampa rapot Kemplu langsung marani bapakke.

    "Pak HaPe-ne  aja kelalen, rapotku ana angka sangane telu," Kemplu nagih.

    "Nah kaya kuwe, kowe pancen joss... tapi rapotte endi?" Bapake takon karo aweh duit maring Kemplu nggo tuku HaPe..

    "Kae tek sog nang buffet sebelah tivi," Kemplu semaur kambi mlayu mbradrat nggawa duit arep tuku HaPe.

    Bar kaya kuwe bapakke njiot rapot nang bufet njut mbukak rapote isine. -Bahasa  Indonesia 5.... Agama 5.... Matematika 3..... IPA 4.... IPS 4... PKN 4... Penjas
    4..... Sakit 9... Ijin 9....  Alpa 9.

    "Kempluuuuuuuuuuu......!!!!!!, awas kowe yaaaaa!#@$%&*," Bapakke Kemplu mbeker-mbeker jengkel dilomboni nang anake. (*)


    Berita Terbaru :


    Scroll to Top