“Mak angger nyong gede inyong ya agepan duwe bojo sepuluh kaya raja nang tivi,” Kempl ngomong.
“Lah ngapa akeh temen,” mamake semaur karo mesem.
“Iya ben sing siji kon masak, ana sing kon nyetrika , ana sing kon ngancani dolanan, ana sing kon ndulang, ana sing kon ngajari nyanyi, ana sing kon macakna buku cerita pas Kemplu bobo, ana sing...,”
Kemplu esih ngomong wis diendeg nang mamake.
“Nek kaya kuwe nek wengi mamake ora usah ndongeng nggo ngancani Kemplu bobo ya?” mamake ngomong kambi mesem.
Diomong kaya kuwe Kemplu meneng sedela bar kuwe deweke semaur maning. “Ya ora, Kemplu tetep bobonne karo mamake!”
Krungu kaya kuwe Mamake dadi mrebes mili mergane seneng lan terharu. “Kemplu pancenbocah pinter, apik atine!” mamake semaur.
“Tapi mengko sapa sing turu karo bojomu sing akeh mau?” mamake takon maning.
“Ya bapak baen sing kon turu bareng ngancani kabehan,” Kemplu semaur.
Krungu kaya kuwe gantian bapakke sing mrebes mili seneng. “Kemplu pancen bocah pinter!” bapakke semaur.
“Wuuusss Plak...kkk...” sandale mamake mabur maring bapakke. (*)

Berita Terbaru :
- TMMD Bangun Jalan Rabat Beton di Desa Tugu
- Luncurkan Jersey Baru, Kebumen Angels Optimis Tatap Musim 2025
- Pemkab Kebumen Raih WTP dari BPK-RI Delapan Kali Berturut-Turut
- Presiden Kurban di Kebumen, Sapi 950 Kg Milik Warga Klirong
- Infrastruktur Jadi Fokus Pembangunan Kebumen di Tahun 2025
- Pemkab Kebumen Bakal Buka Kembali Pendaftaran Kios Kapal Mendoan
- Projek Tol Semarang-Demak Seksi 1 Senilai Rp 10,9 Triliun Selesai 2027, Mampu Kendalikan Rob dan Banjir