Kemplu bocah sing semblotongane pol sawijining dina ketekan sepupune sekang luar kota sing arane Mr Daplun. Jenenge bocah enom seduluran maning dadine ya angger ketemu padha lek-lekan ngasi tengah wengi. Bar lek-lekan njutan cah loro mau padha golet mangan nang pasar wage.
"Wis wareg mbok siki gari bali yuh," Kemplu ngasengi Kemplu.

"ya ayuh inyong ya manut baen, kowe kan gaidde nang kene," Kemplu semaur.Pas liwat bale desa Kemplu aseng mampir.Ndilalah nang bale desa senajan wis tengah wengi esih ana wong agi padha melek. Ana hansip, ana bocahan sing agi klekaran nonton tivi ya ana.
Pas agi mlaku Daplun weruh nang pojokan ana gong gedhe banget. Warnane kuning kaya emas.
Daplun sing weruh gong kur nang tivi tok dadi gumun."Kiye mbok sing sok nggo gendingan ya?" Daplun takon.
"Oh dudu... pancen mirip, nek kiye anu jam canggih, bisa ngomong loh," Kemplu njelasna.
Diomong kaya kuwe Daplun mandan ora ngandel.
"Masa ana jam bisa ngomong, priwe carane?" Daplun takon.
"Jajal ditutuk sing seru sih," Kemplu semaur.
"Masa sih?" Daplun katon bingung.
"Ora percaya jajal baen," Kemplu semaur.
Anu kepengin ngerti Daplun njutan nutuk gong mau seru pisan.
"GUUUUNNNG...."
Suarane mbengung seru pisan mantul-mantul mbudhegna kupinge sapa bae sing krungu.
Daplun ngasikan kaget dewek, kambi nutupi kupinge sing kepengengen.
Ora let suwe ana suara wong kesuh-kesuh. Suarane Kaki Dawir, hansip sing agi piket
jaga malam.
"Sapa kuwe yaaa...BRISIK NGERTI..!! Njaluk tek srampang ya. Kiye jam loro esuk, Ngganggu wong turu..!!"
"Iya mbok siki kowe percaya. Siki berarti wis jam 2 esuk," Kemplu ngomong kambi ngajak mlayu Daplun. (*)

Berita Terbaru :
- TMMD Bangun Jalan Rabat Beton di Desa Tugu
- Luncurkan Jersey Baru, Kebumen Angels Optimis Tatap Musim 2025
- Pemkab Kebumen Raih WTP dari BPK-RI Delapan Kali Berturut-Turut
- Presiden Kurban di Kebumen, Sapi 950 Kg Milik Warga Klirong
- Infrastruktur Jadi Fokus Pembangunan Kebumen di Tahun 2025
- Pemkab Kebumen Bakal Buka Kembali Pendaftaran Kios Kapal Mendoan
- Projek Tol Semarang-Demak Seksi 1 Senilai Rp 10,9 Triliun Selesai 2027, Mampu Kendalikan Rob dan Banjir