• Berita Terkini

    Kamis, 20 Juli 2017

    Bapake Polisi, Ibune Perawat

    ORA tau-taune Jon Kemplu sing bocahe periang tapi mandan mbejujag keton nlangsa. Nang sekolahane deweke keton nglamun bae. Mr Daplun, guru anyare Kemplu sing nembe seminggu mulang banjur medeki Kemplu.

    “Ana apa jane kowe Plu, deneng kit mau tek sawang-sawang keton ora semangat gole sekolah, preinane kurang apa,” Daplun takon meng Kemplu.

    “Nyong lagi kepikiran karo bapak-ibune kulo pak guru,” Kemplu njawab.

    “Lha anu kenangapa rama biyungmu,” Daplun takon maning.

    “Bapak kula nang kantor polisi lha biyunge nang rumah sakit,” Kemplu gole njawab keton ora semangat.

    “Waduh deneng gawat temen, lha kowe ora ngomong kit mau, nduwe adi ora kowe nang umah,” Daplun njawab.

    “Nggih enten kalih pak guru," Kemplu bales

    “Ya wis nganah bali ndisit, melas adi-adimu mbok ora ana sing njagani,” Daplun ngongkon Kemplu.

    “Berarti nyong prei maning kiye pak guru,” Kemplu mendadak keton semangat.

    “Ya ra papa, nek wis rampung mbalik sekolah maningya, nang ngumah juga karo sinau aja dolanan hape bae,” Guru Daplun ngelingna Kemplu.

    “Oke siap pak guru, meluncur bali kiyee,” Kemplu langsung jenggirat mlayu bali ngumah.

    Nah pas jam istirahat, pak guru Daplun sing isih penasaran njutan takon meng guru liyane.

    “Anu ada kedaden apa ya deneng wong tuwane Kemplu sing siji nang rumah sakit, sijine nang kantor polisi,” Daplun takon nang ruang guru.

    “Lha ya biasane juga kaya kuwe, bapake Kemplu kan polisi terus ibune perawat kerja nang rumah sakit,” guru Markonah aweh jawaban.

    “Aoalah dasar Kemplu...kemplu, kampret, awas kowe ya nyong dilomboni mentah-mentah kiye,” batin Daplun kambi nyokoti pacitan bakwan.

    Berita Terbaru :


    Scroll to Top