KEMPLU ketemu kancane lawas, ya si Daplun . Bocah loro sing suwe ora ketemu kue akhire asyik ngobrol. Daplun kagum karo kancane kue. Soale siki si Kemplu wes dadi polisi. Padahal biyen Kemplu nang kanca-kancane ukur go ploncoan.
"Weh siki kowe gagah banget yakin Plu. Apa maning nganggo seragam polisi kaya kie," omonge Daplun karo ngepuk-epuk pundhake kancane mau.
"Ya kie kan merga doamu juga, plun. Alhamdulillah siki aku wis dadi aparat hukum," omonge Kemplu karo mesem-mesem.

Akhire bocah loro ngopi bareng. Cerita jaman sekolah biyen. Suwe-suwe obrolane cah loro tekan masalah pacar. "Kowe pacare akeh ya Plu?Lha wong polisi koh.." omonge Daplun.
"Nek pacar sih akeh Plun. Tapi nek kekasih tetep siji lah brooo..." jawabe Kemplu.
Kemplu guyu lakak-lakak. "Terus sapa kue cewek sing dadi kekasihmu? Anake wong sugih ya?" takone Daplun.
"Alhamdulillah senajan pangkatku esih Brigadir kekasihku AKBP Plun. Mangkane aku cinta banget karo deweke.." critane Kemplu.
Daplun tambah kagum karo Kemplu. Soale, Kemplu kie mbene lulus sekolah polisi. Tugas be paling 2 wulan. Lah siki pacare malah AKBP. Biasane, nek AKBP kue polisi sing wis njabat paling ora Kapolres. "Wah wah...Jimat apa bisa duwe pacar Kapolres kowe Plu?" takone Daplun.
"Sapa sing ngomong Kapolres. AKBP kue Anak Kos Belakang Polres Plun..." jawabe Kemplu.
G:UBRAGGGG........"Owalah AKBP AKBP.." batine Daplun. (*)

Berita Terbaru :
- Jateng Fair 2025 Dibuka, Ahmad Luthfi: Tumbuhkan Perekonomian Baru
- Selamatkan Pesisir Jateng, Ahmad Luthfi: Jangan Hanya Menanam, Mangrove Harus Dirawat
- Pemprov Jateng Target Pekerjaan Hybrid Sea Wall Demak Mulai Oktober 2025
- Target 17 Ribu, Jateng Provinsi Tertinggi Berikan Bantuan RTLH
- Wujudkan Swasembada Garam, BUMD Pemprov Jateng Serap 30 Ribu Ton Produksi Petambak Lokal
- 20 Tahun Hidup di Atas Rob, Warga Berharap Besar dengan Tanggul Laut
- Pemprov Jateng Jalin Kerja Sama dengan Fujian