TANGGANE Kemplu, Daplun bar ditinggal mati bojone. Saben dina, Daplun maring kuburane bojone kue. Tekan kuburan, Daplun ndongane khusuk banget. Terus bar kue, Daplun ajeg ngipasi kuburane bojone. Kaya kue esuk sore.
Wong-wong sing weruh nganti pada trenyuh. Rata-rata pada ngalem-alem Daplun. "Daplun pancen suami yang baik. Setiane pol karo almarhumah bojone. Nganti ben dina ming kuburan ngirim dona karo ngipasi kuburane bojone," ujare wong-wong pada ngrasani Daplun.

Madan beda karep Kemplu. Sengertine Kemplu, daplun kue wong sing ndregile ora eram. Jaman almarhumah bojone esih ana, Daplun tau kewenangan selingkuh karo wadon liya. Daplun juga jarang nang umah, gaweane dolan tok.
Kemplu sing penasaran terus melu Daplun ming kuburan. Tekan kuburan, wong loro ndonga. rampung ndonga, Daplun ya terus kipas-kipas kuburane bojone. Saking ora tahane, Kemplu takon maring sohibe kue. "Syukur lah Plun, bareng wis ditinggal bojo kowe siki wis insaf. Ger ket biyen kowe apikan kaya kie boka ya bojomu awet urip," omonge Kemplu.
"Iya gie Plu. Sing tek lakoni kie ana hubungane karo wasiate bojoku seurunge ninggal," jawabe Daplun.
"Oh dadi bojomu pesen kowe kon terus sayang karo bojomu senajan wis ninggal, ya Plun?' saure Kemplu.
"Ya ora kaya kue banget sih. Aku malah olih mbojo maning. Ukur ana syarate. Dadi menurut bojoku, aku olih mbojo maning angger kuburane bojoku wis garing. Lha kie wis patang dina, kuburane ora garing-garing. Dadi tekdongakna ben kuburane bojoku cepet garing. Ben lewih cepet garing tek kipasi esuk sore, Plu,"
"Glubrak....!!!!!! Kemplu kaget nganti kejengkang. "Dasar wong kentir kowe Plun. Edan ora mari-mari," ujare Kemplu.(*)

Berita Terbaru :
- "Diserbu" Tim Razia, PKL hanya Bisa Pasrah
- Langgar Perdes, Tambang Pasir Tanggulangin Ditutup Paksa
- Sekolah Rakyat di Jawa Tengah Sudah Beroperasi untuk Anak Keluarga Miskin
- Jaga Stabilitas Harga, Ahmad Luthfi Gencarkan Gerakan Pangan Murah
- Ketua DPRD Jateng Ajak Masyarakat Pahami Sejarah dan Cerita Wayang Kulit
- Bukti Pemerataan Layanan JKN Hingga ke Pedalaman BPJS Kesehatan Terus Tingkatkan Pelayanan
- Gandeng Komunitas, Mexolie Hotel Kembangkan Magot Dari Sampah Organik