• Berita Terkini

    Senin, 11 Desember 2017

    Kemplu Bukak Warung Bakso

    Jon Kemplu sing ra tamat SD wis suwe dadi rewang nang warung bakso. Nah, pas bali kampung, Kemplu pengin duwe warung bakso dewek. Gayung bersambut, bose Kemplu ngulihna, malah aweh modal nggo bukak warung.


    Nah ben irit, sekabehane digarep Kemplu dewek. Seka gawe warung, ngecet tekan gawe tulisan. Jere ben ngirit.

    ”Wah, Pak, nek kaya kiye moga-moga sing tuku tambah akeh,” ujar Lady Markonah, isterinya.

    ”Ya mestine. Moga-moga sing tuku seneng terus gelem langganan," Kemplu ngomong.

    Temenan, warunge Kemplu rame, mergane baksone pancen enak. Tapi anehe, wong sing tuku nang kono akeh sing ngguyu karo senyam-senyum dewek.
    ”Kawit disogi tulisan-tulisan sing tuku deneng pada mesem-mesem ya, Pak?” tanya Markonah.

    "Iya, pada pringas-pringis karo mandeng tulisane," Kemplu juga bingung.

    Ora let suwe, ana mobil mandeng nang ngarep warunge Kemplu. Terus pada mlebu njero warung. Tapi pada karo liyane, sedurunge mlebu warung wonge pada mrenges.
    "Ehhh Daplun, rep mbakso pa," Kemplu nyapa Mr Daplun, kancane.

    "Iya, jere baksone enak, kiye nyong nggawa wong sekantor koh," Daplun ngomong.

    "Siappp, tapi kok kowe mau prengas-prenges sedurunge mlebu warung," Kemplu takon meng Daplun.

    "Oalaaah, Plu... Plu! Dasar SD be ora tamat, ya kaya kuwe hasile,” Daplun ngomongi Kemplu.

    "Lha kepriwe sih," Kemplu dadi penasaran.

    ”Kiye lho dideleng, kiye dirungokna tulisane "WARUNG BAKSO 

    SEPISIAL PAK Jon Kemplu ” Rasane Mendunia...!," Daplun wacaknane seru banget.

    "Ohhh SEPISIAL, kudune SPESIAL ya Plun," Kemplu takon meng Daplun.

    Daplun ra njawab tapi malah ngguyu lakak-lakak karo kancane.

    "Untunge baksomu enak, nek ra ya pada ra gelem teka," Daplun ngomongi Kemplu. (has)


    Berita Terbaru :


    Scroll to Top