• Berita Terkini

    Rabu, 06 September 2017

    Kemplu Nyengkeweng Pak Dokter

    Sore-sore Kemplu gipyak lunga maring praktekkane dokter Daplun. Tekan nggon  praktekan ndilalah esih sepi dadi Kemplu bisa langsung  mlebu maring ruanganne
    doktere.

    "Anu lara apa ya pak?" dokter Daplun takon.

    "Dok, tulung gawekna resep nggo ngilangna ceguken lah dok?" Kemplu semaur.

    Krungu kaya kuwe ujug-ujug doktere langsung baen nampong pipine Kemplu.

    “Loh loh... kepriwe sih kiye deneng nyong ditampong pipine," Kemplu kesuh-kesuh.

    "Lah kuwe cara sing paling manjur ngilangna ceguken ya kaya kuwe,  ...dikageti....deleng siki kowe wis ora ceguken mbok? dokter Daplun semaur katon
    bangga.

    “Lah pancen nyong ora ceguken! sing ceguken kuwe bojoku, kae isih nang njaba,!!" Kemplu semaur karo  nyengkeweng doktere. (*)

    Berita Terbaru :


    Scroll to Top