Kemplu kiye lulusan SD nggolet gawean angel banget, usaha ya bola bali ora dadi. Akhire deweke melu lilike sinau dadi tukang cukur. Sing jenenge belajaran ana bae kedadean sing lucu, kaya salah model utawa salah alat. Nah awan kuwe, Kemplu lagi tenguk-t e n g u k nunggu pelanggan.
Pas agi ngalamun ana bapak-bapak mlebu. “Mas inyong arepan cukur, “ bapak sing jenenge Mr Daplun kiye ngomong.
“Model apa pak?” Kemplu takon.
“Bros baen tapi sing rapi ya, pira bayare?” Pak Daplun takon.
“Nek dewasa wolungewu, nek bocah nemewu,” Kemplu semaur.
Bar kaya kuwe Kemplu mulai nyukur, ana limolas menit model bros Pak Daplun rampung. “Wis rampung pak kuwe model brosse,” Kemplu ngomong.
Mbarang ndeleng nang kaca pengilon kerasa wis rapi Pak Daplun banjur njiot duit sepuluh ewuan sekang sak celana.
“Jujul rongewu ya mas,” Pak Daplun ngomong karo aweh duit sepuluh ewuan.
“Aduh pak anu durung ana jujule, wis kaya kiye baen duit rongewu jujulanne nggo cukur maning ya,” Kemplu ngomong kambi nyukur maning Pak Daplun sing maune bros rapi malah dadi butak. (*)

Berita Terbaru :
- Ahmad Luthfi Lepas Penerbangan Perdana Semarang–Karimunjawa
- Gubernur Jateng Diapresiasi Media Lewat Forum Rembug
- Dibully Soal Rob Sayung, Ahmad Luthfi Fokus Kinerja Jangka Pendek dan Panjang
- Warga Nigeria Jadi Penghuni Rutan Kebumen
- PSHT Kebumen Kukuhkan 238 Pendekar Baru
- Perbaikan Jembatan Weton Kulon Ditarget Selesai Akhir 2025
- Bupati Kebumen Tinjau Perbaikan Jalan, Tekankan Pentingnya Kualitas