• Berita Terkini

    Rabu, 06 Februari 2019

    Timbang Tuku Dolanan

    DAPLUN lagi dolan gone Kemplu. Suwe ora ketemu, wong loro umuk ngalor ngidul. Crita kawit jaman cilik tekan kie meh Pemilihan Presiden.

    Mestine ya karo disandingi pacitan karo kopi kentel. Jan, pokoke gayeng temenan gole ngobrol.

    Pas lagi ngobrol, anake lanang Kemplu sing umur 2 tahun nyedhek. "Pak au uit (pak jaluk duit)," omonge anak nomer telune Kemplu.

    Ora let suwe, Kemplu njukut duit seka dompet. Nemu puluhan ewu diwena anake lanang. Dasar bocah cilik, seneng banget tampa duit. Ning, ora let suwe, duit disuwek-suwek. Jan, nganti dadi cilik-cilik banget kaya sisa obongan mercon.

    Daplun sing weruh kaya kue gumun. Gumune udu maring anake Kemplu. Ning, maring ramane ya si Kemplu. Kemplu keton ayem baeen. Ora kesuh ya ora menging.

    "Plu, deneng anakmu nyuweki duit kowe ora menging? Nek aku kesuh koh. Duit sepuluh ewu goletane ya angelll koh. Apamaning jaman siki," omonge Daplun.

    "Lah go ngapa kesuh. Ya ben baen. Malah itungane murah Plun..." jawabe Kemplu.

    "Maksude Plu?" Daplun bingung.

    "Lah angger jaluke dolanan, apa paling ora entong 20 ewu? Wingi jaluk mobil-mobilan regane 150 ewu..." omonge Kemplu enteng.
    GLUBRAGGG.. Daplun kejungkel. (mam)

    Berita Terbaru :


    Scroll to Top