• Berita Terkini

    Rabu, 30 Mei 2018

    Tajilan Buka Puasa

    Puasa nembe genep rong minggu, tapi Jon Kemplu wis mulai loyo dalam menjalankan ibadah puasa. Alesane kesel, ra kuat nek digawa kerja.

    Tapi di depan anak istri serta kanca-kancane, Kemplu gayane kaya puasa. Nek bali ethok-ethok lemes. Ngomong bae digawe lirih ben hemat tenaga jere.
    “Ketone puasane kowe lancar ya Plu,” tanya Mr Daplun, kancane Kempu.

    "Ya  iya lah, wong setahun pisan be ora dilakoni,” ujar Kemplu.

    "Tapi nyong sering weruh kowe mampir nang warung,” ujar Daplun.

    "Kowe keliru mandeng mbok, paling wong mirip kaya nyong,” ujar Kemplu.

    Mandan sorean, Kemplu bali meng umah.

    “Jan dina kiye panas banget, rasane lemnes banget,” sahut Kemplu.


    “Pantes rika ketone koh loyo temen,” ujar Markonah.
    “Genah koh, nyong kesel pisan, miki kerjane abot,” ujar Kemplu alesan.

    “Daripada mengko meriyang, nek abot kerjane ya medot bae mengko kapan-kapan disahur,” ujar
    Markonah.

    “Nyong tah tahan bae, emen-eman arep medot,” ujar Kemplu berbohong.

    "Lha deneng sandale ganti, sing lawas nangdi," Markonah takon maning.

    "Mau pedot nang ndalan, terus tuku anyar," Kemplu njawab.

    “Oh ya pak, kae ana titipan nang meja, jere tajilan nggo buka puasa," Markonah ngomong.

    "Wahh mantep kuwe, anu apa terus seka sapa," Kemplu penasaran.

    "Dideleng bae kana," Markonah ngomonge keton mbesengut.

    Kemplu langsung bae mbukak tudung saji nang meja. Tapi..jrekeduggg@#!%%% Kemplu kaget banget bareng weruh nang nduwur meja jebul sandale sing ketinggalan nang warung makan mau awan.

    "Rika ya nglomboni, ngomong puasa ngomong kesel kerja abot jebul madang nang warung. Kae Yu Sawiyah sing duwe warung miki ngeneh njujugna sandale rika sing ketinggalan," Markonah malang kerik nang ngarepe Kemplu.

    "Eohh..ehhhh ohhhh, anuu... iyaa... ehhhhh," Kemplu ra bisa kemecap.

    "Dadi wong tuwa koh ngajari ora bener, kaya kuwe apa ora isin karo anake," semprot Markonah.
    “Sumpah tembe sepisan, miki kencot pisan,” ujar Kemplu mengaku salah sambil minta maaf. (*)


    Berita Terbaru :


    Scroll to Top