• Berita Terkini

    Selasa, 27 Juli 2021

    Kemplu Lara Sirah


    Kaki Kemplu kie pancen metal. Senajan umure wis 62 tahun, Kaki Kemplu rambute gondrong tekan bahu. Semakin sangar, rambute dicet biru.

    "Umur boleh tua, tapi jiwa tetap harus muda bro," ujare Kaki Kemplu nek ditakoni soal rambut.


    Kaki Kemplu pancen terkenal sok-sokan. Ora gur gondrong, deweke esih melu bal-balan cah nom. 


    Lah wingi ceritane, Kaki Kemplu bali bal-balan. Ora let suwe ngereng-ngereng karo nyekeli sirah. "Diuuh yuung deneng bathuk karo ndasku icir-icir lara temen ya. Bahaya kie," mbatine Kaki Kemplu.


    Kaki Kemplu terus ngaso. Karepe ben lara sirahe madan mari. Cilakane, ora mari malah tambah parah. Kaki Kemplu wis ora tahan terus nggerung-nggerung. Kemplu terus ngundang bojone, Nini Markonah. 


    Bareng Nini Markonah nyedek, Kaki Kemplu ngomong."Ni, kie ndasku lara banget. Aku arep pesen karo kowe. Nek aku wis meninggal dunia, kae wedus wena Plekentus. Lah sapi wenakna Sarinem," omonge. Plekentus karo Sarinem kue anake Kemplu vs Markonah. 


    "Sabar Pak, mari-mari nko," omonge Nini Markonah.


    Ora let suwe, Kemplu njerit-njerit. "Iyuung aduh biyuung, aku wis ora kuwaatt. Ndasku laraaa... Ninine, aku gawa meng ICU rumah sakiiit. Apa dukun sing paling ampuh.. Iyuuuuungg!!!!" 


    Glubrak!! Jebule anak wadon Sarinem mlebu kamar krungu ramane ngereng-ngereng. "Wis ora usah meng rumah sakit. Ora usah meng dukun. Tek tambanane ramane," omonge Sarinem.


    Sarinem nyedeki Kaki Kemplu. Tangane nyekel batuke Kemplu, karo ndamu. "Wus.. ilang setane ilang malane," omonge kaya dukun.

    Sing nggumuni, Kaki Kemplu terus ora nggerung-nggerung. Malah, 10 menit kemudian, sirahe wis mari. 


    "Nem, kowe deneng ampuh temen. Bisa nambani ramamu sing wis weruh malaikat maut," takone Markonah.

    "Lah wong ramane aleman ya klalenan. Kae mau udu rapalan maut. Aku gur njukut gelang karet loro nang sirahe ramane. Wong ramane sirahe dinggoni gelang karet nganti pingget bathuke ya lara banget," omonge Sarinem karo ngecungna karet sing mau nang sirahe Kaki Kemplu.


    "Owalah...." 


    Berita Terbaru :


    Scroll to Top