• Berita Terkini

    Kamis, 26 Maret 2020

    Kemplu Ora Jumatan

    Pancen wis dadi pestine nek masyarakat kue beragam. Saben wong due sirah terus saben sirah due pikiran terus saben pikiran ya due ide dewek-dewek. Makane saben ana kebijakan mestine dadine pro kontra. Sing setuju ya ana sing ora setuju ya ana. Padahal setiap pemikiran mestine ya due dasar dewek-dewek.

    Kaya siki nang desane Kemplu ana kebijakan kon ora usah pada Jumatan. Alasane agi ana wabah corona. Kebijakan kue ya mesti dari prokontra. Sing setuju ya gari pada orang mangkat. Tapi sing ora setuju kepengine mangkat. “Pokoke sing jenenge pati kue urusane pengeran. Dadine dewek ora sudah wedi karo wabah corona. Manungsa kue wedine kudune ya karo pengeran,” omonge Daplun nang Pos Ronda.

    Kemplu sing pancen setuju karo kebijakan ora Jumatan, dadi beda pendapat karo Daplun. Deweke ngomong, timbang dadi resiko ketularan ya  mending menjaga. Soale dadi wong kue due tanggungjawabe pirang-pirang. Ana tanggungjawab diri, ana tanggungjawab keluar lan sakpiturute. “Nek caraku ya ora usah Jumatan disit. Ngesuk angger wabaeh wis lunga nembe Jumatan maning,” omonge Kemplu.

    Diskusi akhire mung ngalor ngidul ora nana keputusan. Intine pada-pada kekeh karo pendapate  dewek-dewek. Ora nana sing nengaih tur ya pada-pada due dasar. “Pokoke aku demi pengeran sing nguasani jagat karo nguasani nyawa tetep gerep jumatan,” omonge Daplun karo lunga.

    Temenen pas dina Jumate, Daplun mangkat. Nang masjid juga akeh wong sing tetep pada mangkat Jumatan. Meski ora akeh kaya biasane, tapi tetap itungane akeh sing pada mangkat. Kemplu sing dasare mandan ndugal akhire liwat ngarep mesjid. Pas agi pada jumatan Kemplu ngontalna ula maring jamaah sing pada jumatan. “Wer.... kie ula tek ontalna. Jel-jel sing pada jumatan kaya ngapa,” batine Kemplu.

    Karuan bae, weruh ana ula kobra nang masjid, sing jumatan pada bubar kabeh karo keweden. “Lah wong karo ula kobra be pada wedi. Padahal virus corona ratusan kali lebih medeni timbang kobra,” omonge Kemplu koro jamaah sing ana.

    Glubrak....., Krungu Kemplu ngomong kaya kue, Daplun sing pancen wedi karo ula dadi ora bisa ngomong apa-apa. Deweke mun greyem “Pancen Kemplu bocah edan.... (mam)

    Berita Terbaru :


    Scroll to Top