• Berita Terkini

    Jumat, 21 Desember 2018

    Turis Daplun Kesingsal nang Alun-alun Kebumen

    TURIS Daplun lagi dolan nang Kebumen. Deweke jalan-jalan. Lah bareng tekan alun-alun, deweke kesingsal (bingung) arep bali hotel dalane klalen. Lagi bingung lingak-linguk, weruh wong lanang nganggo seragam polisi.

    "Hei, Pak. Mandeg sedhela, " omonge Turis Daplun sing pancen wis pinter Bahasa Kebumenan mau.

    "Ana apa Mister?" jawabe wong lanang sing jenenge John Kemplu.

    "Pak, rika polisi kan? Aku arep takon. Kie Jalan Pemuda sebelah endi ya? Sing ana Hotele kae lah.." takone Turis Daplun.

    John Kemplu karo udud klepas klepus, terus njawab. "Sit Mister. Seurunge aku njawab pertakonane sampean, aku arep njelasna. Aku udu polisi," jawabe Kemplu.

    Turis Daplun mandan gumun. Jelas-jelas si Kemplu nganggo seragam polisi. Wis kaya kue, ana borgol maning nang celana.

     "Lah, rika kan nganggo seragam polisi?" takone Turis Daplun karo ngecungi klambine John Kemplu.

    "Owalah. Aku kie seorang Satpam Bank," jawabe Kemplu.

    "Lah deneng nganggo seragam polisi?????" takone Turis Daplun tambah gumuuun.

    "Aku lagi libur alias prei alias cuti..." jawabe Kemplu.

    GLUBRAGGG... Turis Daplun kejengkang. (*)

    Berita Terbaru :


    Scroll to Top