• Berita Terkini

    Selasa, 09 Oktober 2018

    Sing Buta Hurup Sapa?

    Mr Daplun, sing dadi petugas sensus lagi mubeng-mubeng meng umahe warga nggo golet data. Nah pas sore, deweke akhire tekan umahe Mbah Jon Kemplu.
    "Jenenge Mbah sapa ya? tanya Daplun.

    "Jenengku Jon Kemplu ," sahut Mbah Kemplu singkat tegas.

    "Umure pira ya? tanya Daplun lagi.

    "Nyong ora patiya kemutan, tapi kira pitung puluh-an," ujar Mbah Kemplu.

    "Pekerjaan si Mbah apa," tanya Daplun.

    "Lah wong ndesa kaya nyong ya tani," kata Mbah Kemplu yang sudah lama menduda ini.

    "Maca karo nulis latin bisa Mbah,? tanya Daplun.

    "Huruf latin kuwe apa ya?" ujar Mbah Kemplu ora paham.

    "Huruf sing kaya nang buku-buku kae loh, nah kaya koran Kebumen Ekspres kiye loh," ujar Plkentus yang 
    kebetulkan membawa koran Radar Banyumas.

    "Oo...sing kaya kuwe, nyong ya ora teyeng," ujar Mbah Kemplu.

    "Nek kaya kuwe berarti Mbah Kemplu tek lebokna nang kelompok buta hurup alias buta aksara, ya," kata 
    Daplun.
    "Et. et. et aja kaya kuwe,  nyong moh," tolak Mbah Kemplu.

    "Jere ora teyeng maca," kata Daplun.
    "Nek maca nyong teyeng, maca Quran karo arab gundul," kata Mbah Kemplu.

    "Nyong juga bisa maca ha na ca ra ka kowe bis aora maca huruf jawa," Mbah Kemplu balik bertanya.
    "Arab gudnul bisa ora ko maca," tanya Mbah Kemplu lagi.

    "Jamane nyong nom nyong sok maca kitab-kitab jawa gaweane Ronggo Warsito, Kanjeng Sultan Matara, 
    syair-syair tembang jawa," kata Mbah Kemplu.

    "Nah nek ko ngarani nyong buta hurup, jajal tulis jenengku karo hurup Arab gundul nek ora karo hurup 
    Ha Na Ca Ra Ka," ujar Mbah Kemplu

    "Ya nyong ora teyeng," jawab Daplun bingung.
    "Artine kowe ya pada bae buta hurup, apamaning nyong bisa macem-macem hurup ko kur teyeng hurup latin 
    berarti lewih buta hurup ko tinimbang nyong," kata Mbah Kemplu.

    Sontak Daplun pun hanya bisa mantuk-mantuk sambil bingung sendiri. (*)

    Berita Terbaru :


    Scroll to Top