• Berita Terkini

    Senin, 21 Mei 2018

    Olih Warisan Wedhus

    Kemplu karo Daplun kiye kakang adi sing kelebu golongan lengobisasi sing asale  sekang keluarga labil ekonomi (melu bahasane Vicky Prasetyo).

    Sawijining dina bapake cah loro mau aweh warisan wedhus loro. Mbarang bapake mati, Kemplu karo Daplun padha dophokan priwe carane   mbedakna wedhus warisane.
    "Carane kepriwe ya, ben wedhusmu karo wedhusku ora ketuker-tuker?" Kemplu takon  maring Daplun.

    "Kepriwe nek kupinge wedhusmu digunting sepethil, dadi mengko genah, endi wedhusmu,  endi wedhusku," Daplun usul.

    Mbarang kaya kuwe akhire wedhuse Kemplu digunting kuping kirine. Ndilalah pirang  dina kepungkur wedhuse Daplun, kuping kirine kecowes seng, dadine melu tugel 
    pinggirane.

    Weruh kaya kiye wong loro mau dadi bingung.

    "Siki kepriwe kang, wedhuse padha-padha tugel kupinge nang sebelah kiri, inyong  bingung gole mbedhaknane," Daplun takon maring Kemplu.

    "Lah inyong ya pada baen dadi bingung, kepriwe apike yah, apa dewek takon maring  pakar perwedhusan sing sok ngajar maring mahasiswa-mahasiswa kae," Kemplu aweh  saran.

    "Ya kaya kuwe ya kena, daripada dewek bingung," Daplun semaur.

    Wong loro mau mbanjur nggawa wedhuse nemoni pakar perwedhusan sing jenenge Bugel. Nang Bugel wedhuse diileng-ileng ngasi suwe banget. Mbarang neliti wedhus ana rong  jam akhire Bugel ngewai hasil penelitiane. "Jebul mbedakna wedhuse  kowe padha gampang koh, wedhus sing putih lewih duwur sesenti ketimbang wedhus sing 
    ireng, wis paham mbok?" Bugel aweh penjelasan.

    Krungu kaya kuwe Kemplu karo Daplun manthuk-manthuk kaya paham banget."Ohh sing nggonku lewih duwur sesenti ya Plu, aja kelalen," Daplun ngomongi Kemplu.
    "Wedusku lewih pendek berarti ya," Kemplu njawab.

    Krungu omonge wong loro kuwe, asistene Bugel, Plekenthuz langsung mrebes mili. "Oalah wong kok ya pada lengob temen sih, lha warna weduse be beda ndadakan takon," Plekenthuz ngomong kambi nggaruk-nggaruk sirahe. (*)

    Berita Terbaru :


    Scroll to Top