• Berita Terkini

    Senin, 21 Mei 2018

    Ben Tambah Romantis

    Mbarang dadian pacaran Kemplu karo Markonah keton tambah mesra baen. Ndina-ndina  wong loro mau mesti kaya lombok karo mendoan. Nang endi ana Markonah nang kono mesti ana  Kemplu. Nang endi ana Kemplu nang kono ya ana Markonah pokoke loroan terus lah.

    Ceritane awan kuwe bar kuliah Kemplu agi nggombali pacare si Markonah nang ngisor  wit ringin alun-alun."Kowe tambah mengeneh lah tambah ayu baen lho?" Kemplu   agi muji-muji Markonah.

    "Ya mestine, wong nyong ya mesti tambah ayu terus," Markonah gole semaur lenjeh  banget.

    "Mesti gara-gara dadi pacarku ya kowe dadi semringah terus," Kemplu ngomong karo  njawil lengene Markonah.

    "Sing ana tuli mas Kemplu sing kaya wong agi ketiban duit sekarung, bisa pacaran  karo nyong wong paling ayu se kecamatan," Markonah semaur.

    "Kiyeh nyong arep ngomong, siki dewek angger ngundang aja jeneng ya, tapi kaya  wong-wong kaelah ben keton tambah romantis," Kemplu usul marang pacare.
    "Contone kaya ngapa?" Markonah takon.

    "Semisal kaya kiye, angger nyong ngundang Markonah Shinta mengko Markonah ngundang  mas Kemplu Rama, kepriwe, apik mbok,"  Kemplu   usul.

    "Lah nek kaya kuwe kuno banget lah liyane jajal, sih lewih modern lah," Markonah ora  setuju karo usule Kemplu  .

    "Apa kaya artis baen, Markonah ngundang inyong Pipi, mengko inyong ngundang  Markonah mimi," Kemplu aweh usul liyane.

    "Lah isin lah mbok ndarani tiru-tiru Anang karo Krisdayanti," Markonah emoh maning.

    Mbarang ngusulna pirang-pirang pilihan tapi Markonah ora setuju sidane Kemplu dadi  kesuh."Lah terus apa? apa kaya kiye baen, Markonah ngundang Mas Kemplu   AA, kayane apik  ya?" Kemplu   usul.

    "Lah terus Mas Kemplu ngundang Markonah apa?" Markonah takon.

    "Berarti ya ngundange EE," Kemplu ngomong kambi mlayu wedi disrampang sandal nang  Markonah. (*)

    Berita Terbaru :


    Scroll to Top