• Berita Terkini

    Jumat, 15 September 2017

    Kemplu Ngisi Hikmah Malam Tasyakuran

    Pas arep acara malam tasyakuran Kemplu sing dianggep pinter nang kampunge nang Pak  RT olih gawean kon gawe catetan hikmah malam tasyakuran sing temane "bersyukur".

    Acara dimulai sekang sambutan-sambutan, banjur giliran Kemplu maca sing mau ditulis nang deweke.

    "Dewek sedulur kabeh kudu bisa bersyukur mergane negarane dewek merdeka tahun 45.  Dadi angger ana apa-apa duwe semboyan semangat 45 nek kaya kuwe kan katonne "gagah". Jajal angger dewek merdeka pas tahun '69. Njutan  semboyane Semangat 69 lah kuwe kan kesanne malah kurang apik mbok." iya ora sedulur," Kemplu maca apa sing ditulis.

    "Kiye esih babagan bersyukur kaitanne karo hari kemerdekaan, Dewek kiye kudu  bersyukur, bapak proklamator Republik Indonesia nang luar negeri kondang jenenge
    Ahmad Soekarno. Jajal angger jenenge Ahmad Dhani, bisa-bisa negarane dewek dadi  Republik Cinta. Mulane kuwe dewek kudu bersyukur," Kemplu nglanjutna omongane.

    "Dewek ya kudu bersyukur negarane dewek merdeka pas tanggal 17, wulan 8 tahun 45.  Dadi Garuda Pancasilane katon gagah. Jajal nek tanggal 1 wulan 1 tahun 45, wulu  nang sayap karo nang buntutte cuman siji, ya ora maen mbok, mulane kuwe dewek kudu  akeh syukure," Kemplu nglanjutna omongane maning.

    "Njutan dewek kiye ya kudu bersyukur nek warna benderane dewek Merah Putih. Jajal baen angger Ungu, bisa-bisa lagu kebangsaanne diganti dadi Demi Waktu ya ora maen  blas mbok? Mulane kuwe dewek kudu akeh bersyukur karo sing gawe urip diakeh ndongane ben negarane dewek gemah ripah loh jinawi, pemimpine pada adil ora korupsi rakyate  padha makmur," Kemplu tambah gipyak gole ngomong. (*)

    Berita Terbaru :


    Scroll to Top