• Berita Terkini

    Kamis, 14 September 2017

    Ben Awake Gering

    Kemplu sing awake lemu banget ngasi lewih seka sekintal kepengin gering. Deweke wis njajal berbagai cara, mulai ngombe obat ngasikan olahraga cuman kabeh mau ora dilakoni temenanan dadi angel geringe.

    Ndilalah Kemplu weruh ana iklan diet nang koran sing jere bisa ngedunna bobot dengan cepat dan sehat.

    Kemplu langsung bae nelpon nomer sing ana nang iklan.

    "hallo apa bener kiye kantor sing bisa nggeringna wong lemu?" Kemplu nelpon.

    "Oh iya bener mas-se kepengin gering apa?" sing nampani wong wadon suarane merdu  .
    "Iya nyong kepengin melu program penggeringan awak," Kemplu semaur.

    "Mase arep melu program sing mudun bobot sing pirang kilo ?" wong wadone takon.
    “Njajal sing ngeduna awak ngasi sepuluh kilo,” Kemplu semaur.

    Ngesuke, ana wong wadon sing ndodog umahe Kemplu. Wong wadon kuwe ayu, seksi lan bahenol nemplok cendol. Kemplu tambah bungah merga nang kaos
    bagian dada ana tulisanne "Nek bisa nyekel, nyong gelem diapa-apakna nang  kowe"

    Weruh kaya kuwe Kemplu langsung semangat banget mlumpat niate arep nyekel wong wadon mau. Tapi wis bolak balik ngoyok-ngoyok, wong wadon kuwe jebul lincah banget dadi angel dicekel. Oyok-oyokan kaya kuwe kedadian ngasi limang dina, ngasikan Kemplu   bobote jebul mudun ngasikan sepuluh kilo.

    Seneng abote mudun Kemplu  nelpon maning, siki kepengin melu program penggeringan  ngasi 15 kilo.

    Ngesukke ana wong wadon maning teka meng umahe Kemplu. Tapi siki loro, ayu lan seksi pokoke. Pada kaya sing gemiyen nang kaos bagian dada ana tulisanne "Nek bisa
    nyekel, nyong gelem diapa-apakna nang kowe"
    .
    Kemplu jenggirap nguber cah wadon loro kuwe. Tapi lagi-lagi gagal nyekel ngasikan pirang-pirang dina. Ngasikan abote mudun ana 15 kilo.

    "Luar biasa program diete, senajan cah wadon kae ra bisa kecekel tapi aku seneng bisa mudun akeh bobote. Siki jajal melu sing bisa mudun akeh," Kemplu mbatin
    Kemplu banjur nelpon maning, siki deweke kepengin abote mudun sing akeh sisan. "Mas  Kemplu temenan kepengin abotte mudun akeh?" wong wadon nang telpon takon.
    "Ya temenan," Kemplu semaur karo mbayangna wong wadon seksi sing arep teka meng umahe.

    Ngesuke lawang umaeh Kemplu didodog. Kemplu sing wis ora sabar banjur mbukak  lawang. Mak jenggirap, Kemplu kagete pol. Nang ngarep lawang udu cah wadon seksi kaya sing dibayangnam, tapi wong lanang sing awake gede tapi kemayu.

    "Mas Kemplu ya, ihhh aku sing arep nraining diete rika," cah lanang kuwe ngomong karo nunjuk kaose sing ana tulisane "Nek ngasikan inyong nyekel kowe berarti kowe dadi duweke inyong”.

    Durung ngasi rong dina, abote Kemplu  mudun ngasikan telung puluh kilo. (*)


    Berita Terbaru :


    Scroll to Top