• Berita Terkini

    Selasa, 01 Agustus 2017

    Malem Pengantenane Kemplu

    WENGI kuwe Kemplu karo Markonah tembe baen pengantenan. Bubar acara wong loro mau banjur mlebu kamar. Pas tengah wengi ujug-ujug Markonah ngorong-ngorong kelaranen.
    “Aduuuuh.. lara banget Mas…! deneng malam pertama malah lara kaya kiye ya....?” Markonah gole ngomong mandan seru soale karo nahani lara.

    “Aja nangis, ora kepenak karo bapak ibu, mbok durung padha turu,” Kemplu ngomongi bojone.

    Wong tuwane Markonah pancen durung turu ndilalah kamare jejeran dadi krungu anake ngorong ngorong kelaranen. “Iya mas, tapi pancen lara banget koh, nyong ora tahan,” Markonah semaur.

    Si Markonah pancen bocaeh aleman dadine ya gole ngorong ngorong malahan tambah seru. “Sabar ya! Ditahan sit ya .. ngesuk tembe dicabut,” Kemplu ngedem-ngedemi Markonah.

    Bapane karo biyunge Markonah sing durung turu dadi krungu nek anak wadone ngorong-ngorong kelaranen. “Pak kae kepriwe masa si Markonah ngasikan kelaranen kaya kae arep dicabute ngesuk ya bisa mati anakke dewek,” biyunge ngomongi bapaneDiomongi kaya kuwe bapane Markonah banjur menyat sekang amben langsung mlayu maring kamar sebelah karo nggedor-nggedorlawang kamar.

    “Hei apa apan sih ko Plu!Anakke nyong bisa mati nek nyabute ngesuk ! POKOKE CABUT SIKI..!” bapake Markonah ngorong ngorong karo nggedor-nggedorlawang kamar.

    Mbarang kaya kuwe lawange dibukak, sekang kamar cah loro mau metu. Karo wedi-wedi isin Kemplu banjur semaur.

    “Bapak kiye ana ana baen, masa ana lara untu marekan mati. Lagian wis wengi banget kaya kiye ya ora nana dokter untu sing bukak, ya paling dicabute ya ngesuk,”

    “Iya pak lara banget,’ Markonah melu ngomong kambi nyekeli pipine sing abuh merga lara untune kumat. (*)

    Berita Terbaru :


    Scroll to Top