• Berita Terkini

    Senin, 14 Agustus 2017

    Kemplu Tuku Tiket Bioskop

    Cerita kiye pas jaman bioskop isih jaya mbiyen. Nalika kuwe, Kemplu sing durung tau nonton nang bioskop, pengin ngajak pacare, Lady Markonah meng bioskop.
    Bar adus Kemplu nganggo kaos sing lengene dilinting mlipit ora kelalen nganggo minyak wangi.

    "Wis beres kabeh, parfuman wis, rambut ya wis klimis siki gari mangkat meng  umaeh yayang Markonah lah," batin Kemplu.

    Ra let suwe, Kemplu langsung ngacir numpak montor kesayangane. Nang ndalan Kemplu katon ceria  banget kabeh-kabeh disengi mesem. Ora ngasi limolas menit Kemplu wis tekan meng umaeh  Markonah. Nang teras ngumah, Markonah wis ngenteni yayange.

    Cah enom loro mau banjur ngobrol ngalor ngidul.

    "Mas padha nonton filem nang bioskup yuh, inyong durung tau meng bioskop koh,"

    Markonah ngajaki Kemplu nonton filem. "Ya mayuh, kebeneran nyong ya pada baen durung tau," Kemplu semaur.

    Cah loro mau banjur boncengan numpak montore si Kemplu. Tekan nang bioskop Kemplu weruh tulisan loket tiket.

    "Oh nek nonton kudu nganggo tiket," batin Kemplu sing terus mlaku maring nggon loket tiket.

    "Kiye tikete mas," sing jaga loket tiket aweh tiket karo jujulan duite Kemplu.

    "Matur nuwun ya," Kemplu semaur.

    Tapi ora let suwe, Kemplu mbalik maning meng loket. Anehe deweke jebul tuku tiket bioskop maning. Kedadean kaya kuwe ana ngasi ping telu ngasikan sing jaga loket tiket bingung.

    "Mas...ana apa sih, mbok kowe wis tuku tiket ana ping telu, deneng esih balik ngeneh maning, tuku tiket maning,"  penjaga loket tikete takon meng Kemplu.

    "Tela iya koh, tapi wong sing nang lawang kana kae jan njengkeli banget. Masa aben arep mlebu  meng bioskop tiketku dijaluk banjur disuwek koh, anu ora waras apa ya?" Kemplu ngomong kaya mangkel banget.

    "Sing ora waras kuwe kowe... kae anu jaga lawang ya njaluk tiket terus disuwek," penjaga loket tikete semaur karo ngguyu ngakak. (*)


    Berita Terbaru :


    Scroll to Top