• Berita Terkini

    Kamis, 03 Agustus 2017

    Kemplu Bali Kang Amerika

    Jon Kemplu sing turunan Jawa tapi uripe kawit cilik nang Amerika ceritane agi bali meng Indonesia. Merga deweke pengin ngerti tanah leluhure.

    Dikancani nang sepupune sing jenenge Daplun, wong loro mau dolan muter-muter “Pancen jebul neng Indonesia kiye wonge ramah-ramah ya, pemandangane ya apik apik,
    panganane ya enak enak murah-murah maning,” Kemplu ngomong kambi nyakoti mendoan Gombong sing terkenal kae.

    “Mulane kuwe balik ngeneh baen, ngapa nang Amerika, nang kene kowe arep ngapa baen bisa,” Daplun ngomong.

    “Ya rencanane nyong arep ngomong papah karo mamah ben ulih balik neng Indonesia, inyong pengin urip nang Kebumen baen lah, cah wadone ya ayu ayu,” Kemplu ngomong kambi cekikikan.

    “Lah kuwe siji maning sing gawe betah, wong wadon kene kuwe terkenal ayu-ayutur maning soleha,” Kemplu ngomong.

    “Cuman sing nyong bingung nang kene kuwe jenenge dalan deneng dawa-dawa temen ya dadi angel gole ngapalna. Nek nang Amerika tah cindek-cindek misal Roses Street, Ring Road apa West Avenue,” Kemplu ngomong.

    “Lah ya padha baen lah dalan sing endi sing dawa-dawa sih,” Daplun takon kaya bingung.

    “Lah kuwe misale “dalan lagi didandani, aja banter-banter,” terus kiye maning, “dalan rame akeh tikungan aja ngebut, rawan tabrakan, iya mbok jenenge dalan dawa dawa,” Kemplu ngomong.

    Daplun: “Kuwerambu Plu, dudujenengdalan$#@*&^!!

    Berita Terbaru :


    Scroll to Top