• Berita Terkini

    Senin, 17 Juli 2017

    Kesirian Tangga Anyar

    Kemplu karo Markonah wis bebojoan mandan suwe nanging ya kuwe Markonah nganggep si Kemplu ora romantis babar blas, mulane kadang Markonah dadi kesirian nek ana
    pasangan sing romantis.

    Ndilalah ngarep umaeh Kemplu ana warga anyar nembe pengantenan dadi agi romnatis-romantise.

    Saben esuk angger sing lanang arep mangkat ngode mesti ngambung pipine sing wadon  ndhisit.  Diweruhi kaya kuwe aben dina Markonah dadi kesirian.

    Esuk-esuk pas Kemplu arep mangkat ngode Markonah ngomong maring bojone.

    "Kang, rika mbok weruh ya nek kae tanggane dewek sing anyar aben esuk nek arep
    mangkat ngode mesti ngambungi bojone ndhisit,"

    "Lah jenenge ben penganten anyar ya mesti kaya kuwe, nyong tah ora gumun," Kemplu   semaur.

    "Dudu masalah gumun apa ora, tapi rika apa ora kepengin ngambung kaya kuwe,"  Markonah takon.

    "Ya ora lah," Kemplu   semaur.

    "Deneng ora kepengin," Markonah takon maning.

    "Oralah,  isin!"Kemplu   semaur maning.

    "Apa isin, anu isin kepriwe kuwe kang.?" Markonah takonne mandan ndhedes kepengin  ngerti.

    "Isin ya isin, wong nyong durung kenal karo wong wadon kae masa kon ngambungi, apa maning deweke anu bojone wong liya. Tapi jane ya kepengin juga," Kemplu semaur.
    "Apa KANGGGGG!!!!!!!" DEZIGH..." kata Markonah kambi ngepelna tangane meng raine Kemplu. (*)

    Berita Terbaru :


    Scroll to Top