• Berita Terkini

    Sabtu, 22 Juli 2017

    Kemplu Kewenangan Selingkuh

    MARKONAH karo Sawiyah kiye wis suwe gole kekancaan. Sawijining dina wong loro mau ketemu nang kafe sing terkenal nang kota. Jene nge kanca lawas angger ketemu njutan padha dhopokan ngalor-ngidul ora karuan ngasikan mbahas babagan urip wong rumah tangga.

    “Nnyong kiye angger lagi bengel njutan di asengi turu bareng nang bojone jan bebeh banget, maning bojone nyong kuwe termasuk tegangan tinggi kepriwe ngatasine ya?” Sawiyah nyeritakna kondisine.“Nek nyong tah ora duwe masalah kaya kuwe,” Markonah semaur.

    “Apa kowe ora tau bengel apa?” Sawiyah takon.

    “Ya kadang sih pegel-pegel tapi nnyong duwe cara,”Markonah semaur. “Carane priwe nek kowe agi bengel tapi bojomu meksa njaluk turu ba reng?” Sawiyah pengin ngerti.

    “Biasane nek agi males, bojoku wis mulai gramak-gramak njaluk, nyong langsung nahani ambekan sekuate, njutan ngentut. Bar kuwe mesti bojoku dadi bebeh ora kepengin maning,” Markonah nyeritak na carane.

    Wengine pas Sawiyah arep turu, lampune ya wis dipateni bojone sing tembe bali langsung maring kamar njutan mulai gramak-gramak njaluk turu bareng.

    Sawiyah sing agi bebeh njutan kemutan jurus anyar sing tembe diajari nang Markonah.  Mbarang nahan ambekan Sawiyah njutan ngentut.

    Bojone sing mau agi gramak-gramak dadi ora sida nglanjutna, kaya kaget njutan ngomong. “Loh Mar konah, deneng kowe nang kene?”.

    “Ohhh jebul kowe selingkuh karo Markonah kancakuya, awas kowe pakk!!!!!,” Sawiyah ngorong-ngorong. (*)

    Berita Terbaru :


    Scroll to Top