• Berita Terkini

    Jumat, 02 Juni 2017

    Tugas Gawe Kliping nang Wulan Puasa

    KEMPLU sing esih sekolah SD entuk tugas sekang guru PKn (pendidikan Kewarganegaraan) kong gawe kliping soal wong ngibadah.

    “Padha dirungokna ya ngesuk padha gawe kliping gambar apa foto, ulih sekang majalah koran apa foto asli ya kena gambar wong sing agi padha nglakoni ngibadah miturut agamane dewek-dewek. Aja kelalen ngesuk dikumpul,” Bu guru Markonah kongkon maring muride.

    Ngesuke Bu guru Markonah takon klipinge. “Ayuh klpinginge dikumpulna bu guru kepengin ngerti, padha bener ora gole gawe tugas?” Bu Markonah kongkon bocahan ngumpulan tugase.

    Krungu kaya kuwe kelase langsung rame banget padha ngumpulna. Tapi si Kemplu malah kebingungan merga bocah siji kiye durung gawe kliping. Kemplu pancen terkenal ndableg.

    Weruh kancane padha ngumpulna kliping, Kemplu njutan klabakan. Kemplu njutan njiot pas fotone deweke sing nang tas njutan ditempelna nang kertas HVS njutan dikumpulna.

    Bu Markonah mriksa tuk siji tugase muride. Pas kertaseKemplu sing ana tulisan ”Tugas Kliping Gambar Wong Lagi Ngibadah” Bu Markonah dadi kesuh.

    “Maksude kowe kiye apa..?Angger ngerjakna tugas sekang guru kudu temenanan aja glewehan. Apa maksude kowe nempel fotomu dewek nang kertas tugas Kliping kiye ..???...!!!!,” Bu Markonah takon karo kesuh.

    “Anu... bu..., tugase mbok ngumpulna foto wong agi ngibadah, digawe kliping?” Kemplu semaur.

    “Iya tapi kiye apa, masa masang fotone dewek, pas foto mening, katon dada ngasi sirah tok, ngibadah apa kiye?” Bu Markonah takon karo tambah kesuh.

    “Jere gambar wong agi ngibadah, lah kuwe fotoku kuwe foto wong agi ngibadah. .Ngibadah Puasa Ramdhan Bu..,” Dapun semaur kaya ora duwe dosa. (*)

    Berita Terbaru :


    Scroll to Top