• Berita Terkini

    Kamis, 25 Mei 2017

    Wong Inggris Mangan Sate

    CERITANE kiye ana wong Inggris sing tembe tau meng Kebumen jenenge Jon Kemplu. Ndilalah Jon Kemplu teka pas bada kaji wingi. Mbarang nginep nang salah sijine hotel nang Kebumen, mandan awan deweke mlaku-mlaku meng ndesa.

    Jenenge baen agi bada kaji nang endi endi akeh wong kurban. Akeh wong kurban akeh wong sing kebagian daging sing banjur padha nyate nang umaeh dewek-dewek.

    “Jan kawit mau koh irungku mambune enak temen kiye, kaya ana sing agi bakar-bakaran daging apa yah?” Kemplu mbatin.Jebul turis sekang Inggris kiye mambu enak bakaran sate wong sing pada olih daging kurban.

    “Jajal nyong arep niliki salah sijine umaeh wong kene janjanne agi padha ngapa deneng meh kabeh umah padha kemebul kukuse, terus mambune enak banget,” batin Kemplu .

    Kemplu banjur mlebu meng salah sijine umaeh sing jebul umaeh Mr Daplun. “Pemisi, nyong kiye Kemplu sekang Inggris, arepan takon,” Kemplu ngomong.Daplun sing weruh ana wong landa Inggris langsung nemoni.

    “Arep takon apa mister?” Kemplu semaur.

    “Anu kiye kawit mau inyong mlaku-mlaku meh kabeh umah deneng padha metu kukuse banjur ana ambu enak banget sih janne anu agi padha ngapa?” Kemplu takon.

    “Oh kiye anu agi padha mbakar sate wedhus alias kambing,” Daplun jelasna dawa banget termasuk daging wedhuse kiye sekang hewan kurban sing dadi ibadaeh wong Islam.

    Kemplu banjur kon nyicipi satene. “Oh jebul kiye jenenge sate kambing alias wedhus, enak banget yah,” Kemplu ngomong kambi nyokoti sate.

    “Seliane wedhus uga ana sate ayam, sate sapi sate kebo karo sate liya-liyane kabeh enak,” Daplun ngomongi.

    Kemplu banjur mbukaki kamus, nek sate ayam berarti bahasa inggrise Chicken, sapi bahasa inggrise cow, kebo alias kerbau bahasa inggrise buffalo.“Oh kiye jebul jeneng-jeneng kewan sing bisa digawe sate,” batin Kemplu.

    Wengine Kemplu mlaku-mlaku nang kota Kebumen. Tapi mbarang mlaku-mlaku wengi Kemplu langsung pucet banget, saben weruh warung banjur mbukak kamus deweke dadi keweden.

    “Aduh deneng kaya kiye ya, wong kene apa isih pada kanibal,” Kemplu mandan maras.

    Jebul Kemplu weruh warung bakul sate sing tulisane “Jual Sate Asli Madura Cak Udin,” ana maning tulisan “Jual Sate Delapan Saudara BapakAhmad” terus
    “Jual Sate Padang Ibu Uni”.

    “Hiiii ngeri masa daging menungsa digawe sate,”Kemplu mbatin.(*)

    Berita Terbaru :


    Scroll to Top