• Berita Terkini

    Minggu, 21 Mei 2017

    Kemplu Pinter Masang Puzzle

    SORE kuwe Kemplu agi jagongan nang teras ngarep umah, ndilalah kancane si Mr Daplun liwat.

    “Arep ngendi plun, ngeneh medangmedang sit,” Kemplu ngomong maring Daplun.

    “Pancen nyong arep ngendong koh,” Kemplu semaur.

    “Tapi nek nyong dolan ana nyamikanne ora, nek ora ya mending dolan liyanne baen,” Daplun ngomong maning.

    “Aja khawatir preen,kopi ana, teh ya ana, kopi susu ya ana,” Kemplu semaur.

    “Halah gemagusan sok nganggo susu mbarang, biasane be kowe ngombene tajin koh,” Daplun ngenyek.


    “Temenen koh, tapi susune nyotot dewek maring wedhus mburi umah kae,” Kemplu semaur kambi nyengir.

    “Kiye malah mbokke miki nembe nggoreng combro kambi dage, gurih banget,” ujare Kemplu sing agi medangan kambi nyomot combrone.

    Wongloro mau banjur padha dopokan kambi medangan. “Inyong tembe tuku Puzzle, cuman butuh rong minggu ngggo ngrampungna masang, cepet mbok?” Kemplu ngomong kayane bangga banget.

    “Deleng kiyeh Puzzle-le cuman rong mingu tok masange,hebat mbok?” Kemplu ngomong maning.”

    “Rong minggu koH cepet,suwe lah iya,” Daplun semaur.

    “Suwe kepriwe, kiye deleng nang gerduse “Untuk 4-7 tahun”.
    Daplun: %$^#@*& dasar Kemplu!!!

    Berita Terbaru :


    Scroll to Top